Nalika Sastra-wan Jawa Ngelak Katresnan
Sastra(wan) Jawa (Gagrag Anyar) ngelak katresnan? Mbokmanawa ora kabeh, nanging swasana pasrawungane sastra-(wan) Jawa dinane iki banget dipangaribawani dening swasana psikologis kang dumadi amarga: ngelak katresnan. Katresnane sapa? Ya, katresnane para paraga lan bebadan kang samesthine ngrengkuh Sastra Jawa kanthi kebak sih-katresnan.
Wong kang ngelak katresnan iku adhakane sok rumangsa kaningaya, kasepen, kaladuk jirih utawa malah sok kaduk wani kurang deduga. Kapribadene wong ngalek katresnan iku adhakane dadi gembring, gampang suwek, gampang cuklek, gampang mutung, utawa malah gampang kebrongot lan seneng gawe dhak-dhakan.
Ing antarane wong-wong kang ngelak katresnan iku banjur thukul pangrasa lan pikiran kang mengkeret utawa thukul manjero, kaya-kaya tansah cubriya marang pasrawungan kang luwih jembar. Wong-wong kuwi keh-kehane isih nindakake srawung karo jagad kang luwih jembar, nanging sebutan ”awake dhewe” (ind. = kita) kaya mung digunakake ing papan kang paling ciyut/rupak. Cethane pripun? Iki coba dakaturake sawatara 'crita cekak' kang mbokmanawa bisa aweh gambaran ora ketang lamat-lamat ngenani swasana pskologis-e Sastra-(wan) Jawa Gagrag Anyar:
(1)
Esmiet kang nalika semana mbaureksa Sanggar Parikuning ing Bumi Blambangan kaya-kaya ajeg kaladuk makantar-kantar yen pinuju ngrembug sastra jawa. Malah banjur gawe ramalan manawa umure Sastra Jawa mung kari sagong-an, bakal pralaya ing wulan September 2009. Ndilalah nalika kuwi, para sastrawan senior padha katimbalan (seda) tumaruntun, miturut dudutane Esmiet sastrawan Jawa lagi kena supatane Empu Sedah, awit wong Jawa dhewe wis padha ora nggemateni sastra Jawa.
(2)
Ing sawijining wektu, dumadakan muncul pratelan, ”Aku ora trima yen sastra jawa mung digawe ’proyek’ dening pawongan apa bebadan kang mung mburu pentinge dhewe/kelompok-e,” tanpa kinanathenan wewaton endi kang bisa aweh panyengkuyung marang pratelan iku, upamane kanthi nggambarake manawa Sastra Jawa iku saemper tambang emas kang mung bisa didhudhah dening bebadan tinamtu, kanthi cara kang gumathok adhedhasar undang-undang.
(3)
Kerep keprungu pratelan, ngandhakake upayane dhewe utawa pamrayoga tumrap wong liya kang cekak-aose: ”Nguripi Sastra Jawa iku luwih mulya tinimbang urip saka Sastra Jawa.” Iki gegayutan karo honor tulisan abasa Jawa kang racake kalah akeh tinimbang tulisan abasa Indonesia. Sapa kang duwe panganggep manawa jagade Sastra Jawa lagi ngalentrih, kamangka Sastra Jawa iku ora baen-baen sumbang-surunge tumrap pembentukan karakter bangsa, lan para pangarang wis rila di-honor-i sethithik? Panganggep mangkono iku sok binarung pangrasa manawa wus nindakake kabecikan, rumangsa wus nindakake ayahan abot tur wigati nanging ora digatekake. Rumangsa dadi ’pahlawan’ kang ora kocap, iku bisa dadi bibit penyakit kang mbebayani.
Panganggep yen Sastra Jawa kuwi kudu diuripi (ora bisa nguripi) iku bisa ngasorake kalungguhane Sastra Jawa, bisa kontraproduktif, lan ndadekake para mudha kang wiwit kepengin ungak-ungak lan arep seneng nyemplung malah cengkelak bali nglare.
(4)
Ana uga kang duwe panganggep manawa kang diarani sastra (iku) mung winates kang wujud tulisan kapacak ing ariwarti, kalawarti, buku. Mulane, papan kang ora kesrambah sumebare ariwarti, kalawarti, buku sastra, iku papan kang tanpa sastra –senajan ing kono sok ana ludruk, ana seni karawitan, ana pakeliran (wayang), lan sapiturute. Ndakwa manawa saweneh desa ora tau kambon sastra tanpa nindakake panaliten iku kudune mung bisa ditindakake dening wong kang durung kambon sekolahan. Mula, yen pranyata sekolahe kepara wis kaladuk dhuwur, sajake mung kari saprakara kang bisa dadi jalarane: kemrungsung saking olehe ngelak katresnan.
(5)
Ana sakumpulan wong ngathung-athungake penthung, adreng nangekake Sastra Jawa kang dianggep lagi keturon. Sajake wong-wong kuwi banjur nganggep yen Sastra Jawa sakala cekekal tangi, mula banjur padha andrawina sinambi mbiwarakake: gumregahe Sastra Jawa. Kamangka, kang dumadi satenane bisa wae mung: gumregahe wong bengok-bengok.
Sanggar-sanggar, komunitas, kumpulane wong nunggal karep ngipuk-ipuk Sastra Jawa tansah katon kebak greget. Nanging, sinawang satleraman sok ana kalane katon kaya partai politik. Yen ana sawatara pawongan kang rumangsa kesisih, utawa gagasane ora disengkuyung dening organisasi, banjur gawe sempalan, adeg bebadan anyar, gawe sanggar anyar. Mbokmanawa kang mangkono ya ana becike, amarga ndadekake jagade Sastra Jawa sangsaya regeng, gumyak, pindha samodra kang tansah lumembak. Nanging, sajake ana panganggep seje kang luwih becik.
(6)
Ing saben papan ana sanggar utawa komunitas Sastra Jawa. Emane, sesambungan antarane sanggar siji lan sanggar seje katon lagi sawates kekadangan. Durung katon manjila anane kupiya kanggo Sastra Jawa kang diayahi bebarengan. Satemene ana wadhah warisan kang bisa digunakake, yaiku Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ) –isih ana, ya? Upamaa padha wegah nganggo OPSJ, satemene isih prayoga yen ana ayahan bebarengan kang ditindakake ing saben-saben wektu. Geneya kudu mangkono? Ibarate perang ngadhepi kadigdayane budaya seje kang wus nggiles kabudayan –kalebu Sastra—Jawa, kang kelakon saiki isih saemper karo dhek nalika kraton-kraton kang sumebar saindenging Nusantara maju dhewe-dhewe, genti-genten, merangi bangsa penjajah. Kacihna, sawise padha nyawiji mungsuh kang ngedap-edapi kuwi lagi bisa ditrenggalani.
(7)
Ing kahanan ngelak katresnan, Sastra(wan) jawa dadi angel sratenane. Yen ora disaruwe sambat kelangan kritik lan ora ana maneh sing gelem preduli, nanging yen ana sing gelem nandukake kritik banjur dianggep sengit, gething, lan sateruse.
(8)
Sok uga keprungu pangudarasa yen sangsaya seret laire bibit-bibit pengarang anyar saka kalangan kanoman. Nanging, yen ana wong enom anyar katon ora direngkuh kanthi becik. Yen ana wong siji-loro dhaptar mlebu sanggar luwih-luwih olehe nampa kanthi gupuh, nanging atusan nom-noman kang nuduhake karya-karya kang nawakake pangarep-arep ing kacamaya dijarke wae tanpa direken.
(9)
Sastrawan Jawa kang ngelak katresnan kuwi adhakane angel dijak rembugan babagan kasusastran. Angger panemune dibantah yen ora mencak-mencak ya macak nglokro, ”Pancen aku ora paham teori sastra, kok.” Mengko yen ana andharan ngenani wawasan kasusastran saka akademisi aras-arasen olehe nggatekake. Sabanjure, yen sing kandha wis mungkur, gumremenge, ”Omonga ngalor-ngidul, gek endi karyamu, apa ya apik tenan?”
(10)
Ana maneh kang gawe teori anyar: kang lagi bisa gawe guritan iku drajat kesastrawanane lagi sababag bocah SMA, yen wis bisa ngarang crita cekak iku drajate wis ibarate lulus diploma, dene yen wis bisa ngarang crita landhung (novel) iku lagi sababag karo sarjana. Aja kesusu njumbul, teori iku bisa dadi bener mengko yen wis dibuktekake manawa ana kang bisa gawe atusan guritan kanthi mung pawitan selawe utawa seket tembung (basa Jawa).
(11)
Suparto Brata iku sastrawan Jawa kang uga klebu ing barisane sastrawan Indonesia, nulis nganggo basa Jawa apadene basa Indonesia, lan maca karya sastra abasa: Jawa, Idonesia, Inggris. Emane, akeh sastrawan Jawa generasi sangisore kang ngungun mung marang produktivitas-e, lan ora pati open manawa ing bab perjuwangan njejegage Sastra Jawa Gagrag Anyar dheweke ora mung saweneh pawongan (personal), nanging wis sairip bebadan.
Suparto Brata mbabar buku kanthi wragat dhewe (penerbit), nggelar lomba gawe kritik Sastra Jawa, aweh sumbangan wragat marang pawongan kang arep mbabar buku karyane, lan paring hibah buku marang ’negara’ kang gedhene –yen katandhingake karo sembulih kang bisa ditampa dening sastrawan Jawa saka karya-karyane—banget fantastis-e. Tegese, Suparto Brata ing kene wis sababag karo bebadan utawa lembaga sosial!
Iku mau mung saperangan gegambaran kang sangsaya nuduhake manawa akeh prakara kang kudu dirampungake amrih Sastra Jawa Gagrag Anyar bisa luwih tatag ngadhepi pasrawungan global. Muga-muga bisa kawaca kanthi sareh lan ana paedahe. Nuwun.*
--Diaturake ing Sarasehan Sastra dan Budaya, Diskusi dan Workshop Sastra Jawa Modern di Jawa Timur (Ruang Sawunggaling, Taman Budaya Jawa Timur, 10 Oktober 2015)
