Tledhek Sendhor 4
Dening: Jlitheng Basuni
Rikala Sendhor menyang Miren Ngranti, Mbah Jiman Pece lagi ngenam wuwu. Pancen mripate wuta, ewadene tangane trampil gawe piranti saka pring: cikrak, tompo, rinjing, kurungan pitik, tumekanewuwu, kanthi lanyah. Tangane sasat nduwe mata. Kawit saka irat, ngenam, tumekane gawe idep-idep ditandangi dhewe.
Mung kanggo ngethok pring wae Mbah Jiman buntuh bantuwane wong liya. Biyen, sadurunge anake mbarep bisa kethok, ajeg kongkonan wong liya. Nanging, sawise anak mbarepe kuwi, Kumpa, wis gedhe lan kena dijagakke melu tandang gawe, wis ora prelu maneh bantuwan saka wong liya.
Tanpa diprentah, angger weruh adhepane pring kari sithik, Kumpa age tumuju dhapuran pring kulon omah. Wis bisa milih endi sing tuwa lan sing enom. Dikethoki pisan bapake mung kari nyigar banjur diirat gumantung bakal dinam dadi apa. Yen theple, cikrak, tumbu, utawa rinjing ngirate mblebek amba. Yen kanggo wuwu kudu diirati njlimet. Dioroti kaya sada sadurunge mengko dijejed lan diwenehi idep-idep.
Wuwu, aran pasangan iwak saka pring sing dirancang. Wangune bunder dawa mblendhuk. Pring sawise disigar nuli dioroti sasada blarak. Dirakit bunder mburine ngancut cilik. Lawange dipasang idep-idep murih iwak yen mlebu ora bakal bisa metu maneh. Ana tlatah ngrawa kaya Miren, Gesikan, Bono, Waung, lan sakupenge piranti wuwu wis kena nggo golek sandhang pangan. Abene sore dipasang, isuke ditiliki. Iwak lele lan nggaringan jinis iwak sing kena.
Isuk iku Murtini, bojone Mbah Jiman Pece lagi dodol iwak asile masang wuwu anake mau bengi. Kumpa, sing masang wingi sore. Isuk mau dientas sing mlebu pasangan rada akeh. Udane wingi sore deres. Iwak padha ngoyok arep ngguwak endhog trus mlebu wuwu mau.
Mangsa labuh wis teka. Iwak lele, nggaringan, montho, padha golek banyu anyar saprelu ngguwak endhog supaya jinise ora musna. Ukum alam sing wis ginarisake Gusti Kang Karya Jagad murih lestarine titah..
Anake Mbah Jiman Pece cacah telu lanang kabeh. Ngarepe Kumpa, umur patbelas taun. Anak nomer loro umur nem taun jenenge Sadhel. Dene sing ragil Pentil, lagi umur rong taun setengah. Kegawa pepenginane anduweni sepedhah, Mbah Jiman nganti nengeri anake telu ngganggo piranti kanggo sepedhah: Kumpa, Sadhel, lan Pentil.
Ana taun tengahan pitungpuluh, ora saben kaluwarga bisa nduweni sepedhah. Kanggo tuku ana Toko Sri Indiati, toko sepedhah sing kondhang ing Tulungagung, kudu dodolan pedhet jemaka. Saora-orane wedhus berok loro ajine. Kamangka barang aji sing ana omah iku ora ana. Siji-sijine sing aji Si Murtini, bojone. Lan ora bakal diedol kanggo tuku sepedhah.
Masiya tuwa bojone Mbah Jiman isih kinyis-kinyis. Akeh tangga teparo sing padha kayungyun klawan Murtini. Rekake padha pengin nggodha kanthi iming-iming sethithik dhuwit kanggo liru angete awak. Akeh wong lanang sing kecelik. Dikira Murtini gampang dirimuk krana bojone sing tuwa lan wuta pisan kahanane. Wis senen-kemis mengkis-mengkis ambegane. Ekonomine sansaya. Ana beras dina iki wae kinaran beja. Ajege mung gaplek utawa bentul genjer bisane mangan. Ewadene atine wanita mau jejeg. Ora gelem kagodha wong lanang liya. Jroning atine mung jeneng bojone sing pinatri.
Mbah Jiman dhewe ora patiya nggagas. Kepriye kok nganti Murtini dhilut-dhilut mbobot. Kamangka kumpul uga jarang banget krana meh saben wengi dheweke kudu ngetutake Ki Dhalang Bagiyo. Mung, kala-kala wae wektu ora ana tanggapan, kekarone bisane saresmi. Jroning sesasi paling ping pindho utawa akeh-akehe ping lima. Ewadene anake saiki mbrudhul wae. Mbah Jiman Pece yakin banget yen Murtini wani sedheng. Murtini diwenehi kalonggaran kanggo lelungan menyang ngendi wae. Ora ana rasa cubriya apa maneh butarepan. Kabeh pinasrahake Gusti. Rasa precayane Mbah Jiman ana sembulihe. Nyatane Murtini tansah jejeg piadege. Ora gampang karimuk akehe bandha lan baguse rupa.
”Yu Tino, teng pundi, Mbah?” takone Sendhor sawise tekan omah dhadhuk setangkep kono.
Mbah Jiman sing kaget ana tamu cluluk, ”E ....Awakmu ta Iki mau, Jenganten,” didhangakake praupane tumuju papane Sendhor ngadeg, ”Iku mau jare neng Boyolangu. Adol iwak olehe masang wuwu Kumpa,” jawabe karo tangane isih ngenam wuwu. ”Lha, iya ... meh bedhug kok ya gung mulih,” atine was-sumelang.
Masiya wuta, Mbah Jiman titis. Mbadhe wayahe jam pira ora tau geseh. Ana cara anggone niteni wektu. Yen isuk ancer-ancere mung ora mambu ngono wae. Yen wis rada awan nuli semriwing, apa maneh yen wis ngeleg-elegi ambune. Ateges srengengene wis manjer. Tengerane mung ambune uyuhe anak-anake ing kulon omah sing gandane saya awan saya sengak, nyelot pesing.
”Wulan Sela tanggapan prei, Mbah,” clemonge Sendhor mecah suwasana.
”Hok-oh, Jenganten,” nadhane kuciwa, ”Pancen ya ora apik kanggo duwe gawe,” jawabe Mbah Jiman Pece. ”Mengko yen wis Besar prakya rame. Kena ngge nggliwet!” kebak pengarep-arep.
Katon Sadhel lan Pentil anake nomer loro lan ragile lagi njebol tela ana wetan omah. Wit tela sing gedhene mung sadriji dijebol bocah loro. Saka lengene sing mrengkeleng Katon kekarone anggone ngetokake karosan. Guyub rukun gotong-royong. Wit tela kasil dijebol, brul, jebul mung ana siji oyot sing menthol gedhene sakjempolan sikile bocah. Ana kene wis ora ana aran guyub-rukun lan gotong-royong maneh. Oyot siji dienggo rayahan. Sadhel sing awake luwih gedhe sing menang. Ora dadak dibakar apa digodhog, kulit dikrokoti untu lep, sedhela tela wis pindhah weteng.
Pentil nangis krana wetenge sing luwe weruh tela dipangan kakange dheweke ora dibagei. Kawit isuk wetenge bocah durung kelebon apa-apa. Mung ceplukan mentah sing mlebu mau. Sasaya gawe liyer wetenge.
Weruh Pentil nangis, Sendhor ngetokake buntelan sing ditaleni pucuk Jarit. ”Iki, Le. Tak wenehi glali,” nuduhake jajan glali disunduki, ”Iki maeng enek wong dodol glali tuku sasaunduk. Diedum cah loro!”
Weruh glali ana tangane Sendhor, rindhik asu digitik playune bocah. Karepe age tekan papane Sendhor. Merga durung tinggen mlaku lan wetenge luwe bocah tiba. Weruh adhine tiba, Sadhel ora gelem nulungi. Kepara mlayu nyaut glali, banjur diemplok.
Saya kejret Pentil anggone nangis. Sendhor ora bis apa-apa. Jajan ya mung siji iku. Saiki wis mlebu ana wetenge Sadhel.
Mbah Jiman masiya wuta, ning weruh apa kang dumadi ing antarane anak-anake. Luhe netes saka poncotan mripat sing mung putih mlolong. Nangis jroning ati krana ngrasakake anake padha lagi keluwen. Bojone isih durung mulih. Adate Kumpa wis mulih yah mene iki. Nyangking bentul enceng gondhok nggo mangan awan. Tekan yah mene kok ya durung ketok mulih. Atine Mbah Jiman sansaya nggrantes. (ana candhake)
