Iki Lho sing Nampa Penghargaan Sutasoma saka Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur 2025
FOTO: Sri Em Yani
Carajawa.id - Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur nggelar acara Penghargaan Sutasoma dhek Rebo, 15 Oktober 2025, wiwit jam 09.00 nganti rampung ing Gedung Tjut Nya Dien Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, Jalan Gebang Putih No. 10, Sukolilo, Surabaya.
Penghargaan Sutasoma mujudake program taunane Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur kanggo ngurmati para pengarang sing wis ngasilake karya-karya paling apik aweh sumbang-surung ing babagan sastra Indonesia lan daerah ing Jawa Timur.
Ana pitung werna penghargaan kang jenenge mirid saka anggitan luhur karyane pujangga Kraton Majapahit Hardiningtyas, S.S.M.Hum., lan pejabat saka maneka lembaga mitra. Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur ngandharake manawa Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur iku unit pelaksana teknis (UPT) Badan Pengembangan, Mpu Tantular, yakuwi: Sutasom, kang ing kono tinemu semboyan: "Bhinneka Tunggal Ika."
Kaya kang kapacak ing kacamayane Balai Bahasa Jawa Timur, acara Penghargaan Sutasoma 2025 ditekani dening Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, Dr. Puji Retno dan Pembinaan Bahasa, Kementerian Pendidikan Dasar lan Menengah, kanggo wilayah Jawa Timur. Saben taun, pusat basa lan sastra sing saiki mapan ing Jalan Gebang Putih No. 10, Sukolilo, Surabaya, menehi penghargaan marang para sastrawan, penggiat sastra, lan guru basa/sastra Jawa Timur sing nuduhake eksistensi, dedikasi, lan kuwalitas ing bidange.
Acara ing taun iki narik kawigatene 150 tamu, kalebu sastrawan, seniman, akademisi, penggiat seni lan sastra, komunitas sastra, lan guru ing Jawa Timur. Rong kelompok seniman sastra uga nampilake pagelaran.
Penghargaan Sutasoma ditampakake marang pitung kategori yaiku sastrawan, komunitas sastra, buku sastra Indonesia, buku sastra daerah, esai/kritik sastra, guru basa lan sastra Indonesia, guru basa lan sastra daerah. Saben wong nampa sertifikat penghargaan lan dhuwit.
Dene kang nampa penghargaan Sutasoma kanggo taun 2025 iki yaiku:
1. Kategori panulis: Sunarko Budiman (panulis saka Kabupaten Tulungagung, wis makarya luwih saka 46 taun).
2. Kategori karya sastra Indonesia: kumpulan puisi Anjing-Anjing Lepas Amarah (kababar dening Edisi Mori, Malang, 2025) dening Yohan Fikri (pengarang saka Malang).
3. Kategori karya sastra daerah: novel Ontrang-Ontrang Langit Payaman (Dispursip lan Sengker Kuwung, Banyuwangi, Juli 2025) karya Kang Ujik (Abdullah Fauzi), sastrawan daerah Banyuwangi.
4. Kategori komunitas sastra: Komunitas Kampoeng Jerami (Moncek Tengah, Kecamatan Lenteng, Kabupaten Sumenep).
5. Buku karangan/kritik sastra: Puisi Kematian ing Geguritan Indra Tjahyadi (penerbit Pelangi Sastra, Malang, 2025) anggitane Nanda Alifya Rahmah (Surabaya).
6. Kategori guru basa lan sastra Indonesia: Suwarsono (SMPN 1 Puri, Kabupaten Mojokerto).
7. Kategori guru basa lan sastra daerah: Supriyoko (SMPN 1 Parang Kabupaten Magetan).
Upacara Bebungah Sutasoma diregengake kanthi pagelaran sastra lisan kentrung modern dening Sanggar Seni Gedhang Godhog saka Kabupaten Tulungagung. Sanggar Seni Gedang Godhog menang juara siji ing Festival Teater Bahasa Jawa 2024 sing dianakake Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur. Ana uga acara maca geguritan etnik dening Imam Riadi saka Blitar, Lukman Hakim AG saka Sumenep, lan Abdullah Fauzi saka Banyuwangi disuguhake minangka pagelaran geguritan dening Masyarakat Kampoeng Jerami.
Juri Penghargaan Sutasoma 2025 dumadi saka akademisi, peneliti, lan sastrawan, yaiku: Prof. Dr. Djoko Saryono, M.Pd. (Guru Besar Sastra Indonesia Universitas Negeri Malang), Prof. Dr. Darni, M.Hum. (Guru Besar Sastra Jawa Universitas Negeri Surabaya), Dr. M. Shoim Anwar, M.Pd. (sastrawan lan dosen ing Universitas Adi Buana, Surabaya), Bramantio, M.Hum. (kritikus sastra, dosen Universitas Airlangga), lan Mashuri, M.A. (sastrawan, peneliti, Dewan Kesenian Jawa Timur).
Teknis lan sipate Penghargaan Sutasoma pancen beda karo lomba. Penghargaan kasebut dirancang kanggo apresiasi, ora kompetitif. Panitia ing Balai Bahasa Jawa Timur tumindak aktif proaktif kanthi ngumpulake karya lan nglacak kemajuwane para sastrawan/pengarang/penulis ing Jawa Timur sajrone periode tartamtu. Nanging, panitia tetep mbukak kiriman lan proposal saka pe nulis lan masyarakat ing Jawa Timur ing sadawaning taun.
Pambiji ditindakake ing wulan Agustus. Karya/proposal sing dikirim utawa ditampa sawise 31 Juli bakal dianggep kanggo evaluasi taun candhake yen isih nyukupi syarat kanggo buku sing diterbitake ing taun kepungkur. September iku wektu kanggo rapat juri lan netepake panampa penghargaan. Acara utawa pagelaran nampakake penghargaan ditindakake ing wulan Oktober, ngganepi rerangken acara ing Bulan Bahasa.(d)
Sumber: Balai Bahasa Jawa Timur
