Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Tledhek Sendhor (1)


Dening: Jlitheng Basuni

Wengi nggremet, ginubet hawa atis nunjem balung-sungsum. Sendhor sedheku ing sisihe gender ing antarane para pengrawit kang lagi ngracik gendhing Ketawang Subakastawa. Mbah Bagiyo, guru lan ketua paguyuban karawitan nabuh gendere:  ji-nem-ji-ma-ji-nem-ji-ma…

Ketoke wengi iku pikirane Sendhor lagi rongeh. Ngambrawara ora bisa ngepen anggone gladhen tetembangan. Atine lagi gempung kawit budhal menyang Kendalbulur sore mau. Dheweke mangkel marang bocah lanang sing jenenge Bowo. 

”Wong lanang goblog! Ora nduwe uteg!” guneme lirih. Banget anggone mangkel marang kanca cilikane ing Desa Gesikan iku. Wingenane Bowo mulih saka Jember. Ing kutha sawetane Lumajang kuwi Bowo kuliyah ana Universitas Negeri Jember njupuk Hukum.

Sendhor nembang nut iramane gamelan, mung sajak tanpa greget.


angripta rengganing gunung

lambange jurange

yen kadulu saking tebih

warna biru maya-maya

watune alase

kang jenar sinawur wilis

e, e, gawe lam-lam ing paningal

lho, lho, suwe suwe nanduki rasa respati

Kegawa swasananing batine, Sendhor sansaya ngatonake olehe kurang semangat. Ewadene, latihan terus lumaku. 

goprak panggusahing manuk

prag-prag-prag, swarane

mangka rerengganing sabin

nggenteyong memedi sawah

yut-siyut ting-monting

sinendhal katarik angin

e, e, pranyata banget piguna

lho, lho, suwe-suwe agawe girising peksi

Suwarane Sendhor njengek, dadi kaya wong jerit-jerit. Gendhing ketawang subakastawa laras pelog pathet enem sing kudune nglangut dadi ora laras maneh. Manyura dudu, nenem dudu, nyanga uga dudu. Sendhor ora eling. Mung kaya waton muni. Dumadakan awake kaku ngececer lan wusanane, bleg, tiba semaput.

Nunggal wektu, nanging seje papane, ing Sripit, Watulimo, ana wong lanang aran Benu kang lagi ngayahi urusan wigati ing njero kamare Nyi Mendring --dhukun santhet kondhang. Dhukun wedok kuwi nyengkiwing golekan cilik saka wit alang-alang sing dibuntel mori putih. Prenah wetenge golekan kuwi banjur dicublesi nganggo dom.

Nyawang polahe Nyi Mendring, Benu sajak lega. Dheweke yakin manawa Sendhor saiki mesthi lagi kelaran. Wetenge kaya lagi disunduki linggis lan dhadhane melar-mingkus saking rekasane olehe ambegan.

Benu rumangsa diwirangake Sendhor. Dhuwit sing digawa menyang Gesikan kanggo pitukone turu sewengi karo Sendhor ditolak. Kamangka, sadurunge kuwi, ora ana critane Sendhor nulak dhuwite wong lanang sapa wae kanggo opahe ngancani turu. Lanangan ngendi wae angger teka nggawa dhuwit mesthi bakal diladeni. Rumangsa diina, Benu ngigit-igit pengin males. Kanthi njaluk tulung Nyi Mendring dheweke malesake lara atine marang tledhek iku.

Ana sesasi luwih suwene pancen Sendhor wis ora gelem ngrangkep. Sapa sing ora weruh manawa saliyane dadi tledhek Sendhor dadi gundhik? Dadi simpenane wong lanang sapa wae waton cocog regane. Ora mandhang wong lanang iku sapa. Katresnane Sendhor mung diukur nganggo akeh-sithike rajabana sing diwenehake dheweke. Ora ana jamake wong lanang tekan Gesikan nggawa dhuwit sabentel wurung ngrasakake angete awak tledhek ayu iku. Bisa ngrasakake gandane awake sing wangi. Nanging, watara sesasinan iki sajake Sendhor wis prei. Wis ora gelem ngrangkep maneh. Mung ngepen anggone nyindhen ngetutake Ki Bagiyo wae.

Tledhek, iku arane seniwati beksan ing kesenian Tayub. Ana sing wasis nembang, uga ana sing mung njoget wae bisane. Kadhang ya mung prasasat mbaturi para tamu undangan, ngladeni sing padha karem omben. Ora kabeh tledhek gelem ngrangkep. Akeh seniwati sing anggone dadi tledhek ya mung karana pengin nguri-uri budaya Jawa kang adiluhung. Ewadene, uga ana sing gelem ngrangkep. Sendhor iki kalebu salah sijine. Saliyane baut beksan Sendhor uga wasis babagan tetembangan. Kala-kala melu nyindhen yen Ki Bagiyo guru karawitane anggelar kelir. Yen diarani ngrangkep iku, saliyane makarya kadidene seniwati, ya ngladeni

Sajege Bowo bali saka Jember lan bali manggon ing desa Gesikan sasi kepungkur, Sendhor ora gelem ngrangkep. Kawit remaja ana sesambungane tresna ing antarane bocah loro kuwi. Sendhor ora pengin gawe gelane atine bocah lanang sing jebul isih ditresnani.

*

Benu wis adreng tenan olehe arep ketemu Sendhor. Kadereng anggone pengin ngrasakake anget awake Sendhor, Benu kudu wani cucul wragad kang ora sethithik. Jam lima sore Benu budhal saka Gandhong numpak sepedhah Gazele. Seja liwat Durenan mangetan. Tekan Baruharjo mangidul tekan Malasan. Ing Malasan kono nyilih prau cilik kanggo tumuju Gesikan.

Desa Gesikan mono dhasare pancen mapan ing tengahe rawa. Yen mangsa rendheng ora kena diliwati nganggo kendharaan apa wae. Siji-sijine kendharaan mung prau cilik. Ngono wae isih kudu nrabas enceng gondhok alas lingen sing amba banget. Akeh pepalang sadalan-dalan. Kala-kala kudu nemoni kewan rawa sing gawe giris. Masiya ora ana bajule, ning yen kepethuk ula therek saklengen gedhene, meksa mrinding uga yen dhewekan. Wektu iku mangsane lagi rendheng. Benu nekad pengin nuruti pepenginane masiya kudu ngadhepi bebaya kanthi nelasak alas lingen dhewekan.

Wedhus papat duweke bapake sing biyasane diengon didol tampa taren. Dipilih sing gedhe-gedhe. Wedhus papat oleh dhuwit sewidak ewu. Kabeh digawa tujuwane siji. Arep nginep ing Gesikan. Pengin ngeloni Sendhor sing kondhang tledhek sing gelem ngrangkep.

Sakdurunge surup, Benu wis tekan Gempolan. Saka Gempolan dheweke isih kudu mlaku kira-kira rong kilo adohe. Dalane jemek, lunyu, krana mentas wae udan. Sandhal lily anyare dicangking. Clana levis-e dilingkin sadhengkul murih ora kaclop banyu. Kala-kala kudu ngliwati dalan sing kembeng banyu. Masiya sara dilakoni karo seneng wae. 

Ing dalan, Benu wis mbayangake wangine, aluse kulite tledhek iku.  Sesuk bakal dipamerke Ipong, Kodir, lan Makun, kancane angon wedhus. Mesthi bakal padha ndlongop, ngowoh, yen mengko padha krungu critane. Benu kasil ngeloni Sendhor sing kondhang ayu. Apa ora nggleleng? Mung Sendhor kang tansah kumlebat ing angen-angene, sadawane dalan. (ana candhake)


Posting Komentar