Tledhek Sendhor 5
Dening: Jlitheng Basuni
Tangise Pentil saya kejret. Kegawa wetenge sing ngelih kawimbuhan kagol glali disaut kakange gawe tangise ndadra. Gero-gero kempo-kempo nganti suwarane serak. Gawe sing krungu miris, welas. Tangise bocah ora krana kelaran, ning merga wis ora ana maneh sing digiling ana lambunge. Gawe rasa liyer sing munggah dadi iler netes saka cangkeme pengin mangan glali sing wis dikemah Sadhel.
Mbah Jiman Pece nangis jroning ati. Ora kuwawa krungu tangise anak sing keluwen. Ngupaya ora dikatonake marang anak-anake masiya sejatine nggugluk jroning ati. Mung saka tlapukan mripate sing mlolong netes eluh ndlewer nelesi pipi sing wis kisut. Mbah Jiman mudheng, bocah loro iku keluwen. Bokmenawa bisa nyawang, bakal weruh nglempete weteng lan galer-galer igane bocah sing pating pethungul sasat mung kabuntel kulit. Tanpa daging sing bisa digawe otot.
Wong lanang wuta mau bisane nyepatani kahanane sing wuta. Ora bisa golek panganan kanggo maregi anak. Nanging, kepriye maneh. Wulan Sela tanggapan sepi. Murtini sing adate buruh tandur utawa matun isih durung ana sing kongkon. Mangsane isih tracap. Gantine mangsa katiga lan rendheng. Gabah asile ngasag nem sasi kepungkur wis gasik. Kumpa, anake mbarep, pancen wis bisa masang wuwu, nanging ngarep-arep asile iwak akeh padha karo ngenteni ngendoge pitik blorok. Kadhang ngendog, kadhang ora. Ora kena dijagakake.
Saka wetan kledhang-kledhang Murtini teka saka pasar. Mlaku seyeg-seyeg krana kabotan nggendhong rinjing sing mau isuk dienggo wadhah iwak sapitan dagangane.
"Mak .... Mak," mlayu inil-inil Pentil mapag, "Eendi dadane ... Entil uwe?" suwarane kedal. "Atu uwe. Entil uwe," nyandhak tapihe Murtini sawise cedhak. "Kang Adhel akal! Aantu dilebut!" wadule marang emake.
Murtini sing diwaduli mesem. "Iki taktukokke kethak. Sik, ta! Mengko neng omah kana. Mamak abot nggendhong ki lo."
"Holle! Emak tuku etak. Atu ceneng," mlayu ginjal-ginjal marem. Sedhela maneh wetenge kelebon barang.
Lumrah ana jaman semana. Jajan saka pasar iku aran kethak. Digawe saka ampas kambil dibumbuni uyah njur dikukus. Kapes-kapes dipangan rasane mung asin. Wong cilik kuwate nukokakake jajan kanggo anak mung kethak. Masiya cenil, gethuk, kicak, wis ana, ning kanggo wong cilik kaya Murtini kudu mikir dhisik. Mrejit dhuwit asile dodolan supaya tumanja kanggo sakeluwarga kabeh. Apa maneh iki mau Wage, dina pasaran. Mau ana sing dhasar gaplek saka Dulenjet, Kalidawir. Gapleke putih ayu-ayu. Mesthi bocah-bocah mengko bungah bisa mangan thiwul enak. Wis dibayangake kepiriye Pentil anggone mangan. Diduduhi jangan lompong dibrengkesake kul digarang ngono wae mesthi pulukan dhekem.
Weruh Murtini teka, Sendhor age ngrewangi ngedhukake gawan. Rinjing kebak gaplek didhukake ana jogan. Lagi wae mudhun, Petil nyaut wungkusan godhong jati. Tanpa sranta dibukak dijupuk isine, haep, mlebu cangkeme. Saking yap-yapane temahe kesereten. Gulune bocah kasumpel jajan saka ampas klapa. Pentil wis apal. Piye carane supaya ora kemlekeg. Mlayu tumuju genthong lemah. Banyu dicidhuk ganggo siwur diombe clegug-clegug, seretane ilang. Nuli mlayu bali njupuk wungkusan kethak maneh.
Polahe Pentil gawe gemese Sendhor.Ana niyat pengin banget ngepek bocah umur rong taun setengah iku dadi anake pupon. Yen gelem bakal ditukokne apa wae jajan sing dijaluk. Kembang gula, arumanis, cendhole Pak Jari. Ora bakal disemayani. Mangane sega beras terus. Dudu thiwul utawa mung bentul enceng gondhok kaya mangane saiki. Lawuh paling ora tempe goreng. Kala-kala mengko bakal ditukokne beceke Sinuk Wajaklor sing kondhang enak iku. Bocah iku mesthi durung tau weruh rasane panganan-panganan iku. Wetenge mesthi durung tau kambon kembang gula, arumanis apa maneh becek wedhus. Sendhor ngira-ngira.
Pancen bener kira-kirane tledhek mau. Kawit lair ceprot tumekane umur rong taun setengah durung tau ngrasakake enake becek iwak wedhus, legine kembang gula, utawa segere cendhol dhawete Pak Jari.
Sesasi kepungkur wektu Pentil awake panas jalarane lara sepele.Bocah mau pengin mangan jeruk bali. Pengin ditukokne jeruk gedhene saklapa. Apese, Murtini ora ana dhuwit. Begjane Kumpa, kakange mbeneh. Tanpa taren wong tuwane dhisik dicolongake ana tegalane Mbah Mujab. Sawise mangan jeruk waras. Isine dipangan, kulite digawe dolanan montor-montoran. Kamangka babar-pisan ora diombeni obat. Mung karo Murtini ditapeli pupus godhong dhadhap srep lan alak antong.
Embuh kenangapa keri-keri iki Sendhor nduwe pepenginan nduwe anak. Kamangka sadurunge ora ana. Sakploke Bowo mulih saka Jember thukul rasa pengine duwe anak, duwe turun. Anehe, anggone meteng kudu karo Bowo. Krana pepenginane iku anggone mara menyang Miren kono sejane arep njaluk tulung. Sendhor pengin nduwe elmu kaya Mbah Jiman. Elmu ora katon. Pengasihan apa wae waton Bowo gelem diajak rabi.
Wis judheg mikir bocah lanang iku. Dirimuk nganggo bandha donya ora kontal. Diiming-iming sawah patang bahu lan kebo sepasang salukune, ora kapilut. Kamangka ajine barang ora sethitik. Ewadene Bowo isih wae begeg ora gelem.
Sendhor ketrucut ngomong marang bocah iku. Yen sih kurang sawah bau, ora kabotan nggawekake huller selip gabah. Ben kondhang kaya Parto Gendong juragan gabah sing ana Kamulan. Ewadene Bowo isih nulak. Kamangka anggone saguh nggawekake selip bandha nekad.
Sendhor isih kudu ngeret wong lanang liya kanggo bunci. Rancangane bakal ngeret Beri Sapi Ngunut kang dhemene kepati-pati karo dheweke. Masiya wis tuwa, ning blaba. Sak-njaluk apa wae dituruti. Rancangane mengko yen wis digaweake selipan, Sendhor bakal njaluk tulung Nyi Mendring ngirim Beri Sapi menyang alam kelanggengan. Selipan sing wis madeg bakal diwenehake Bowo.
Kabeh ditolak Bowo. "Bandha karom," jarene.
"Karom?" iku tembung anyar mungguhe Sendhor. Apa enek bandha kok karom? Kabeh bandhane diklumpukne kanthi rekasa. Kudu ngladeni wong lanang-lanang tuwa sing ambegane mengkis-mengkis. Kudu manut didemoki, didulegi, lan kudu mambu abab uthis campur bir. Lan maneh, Sendhor ora rumangsa meksa njaluk. Padha lila pinangka opahe dadi gundhike sesasi-rong sasi.
Kabeh bandha wis dadi duweke sah saiki. Timbang penggaweyane masang sembah karo wuwu? Prakya luwih penak nggarap sawah patang bau. Ditanduri pari apa digawe tambak kaya Mbah Sukri Waung.
"Wong lanang pekok" grundele Sendhor yen kelingan Bowo. "Iku luwih penak tinimbang dadi Jeksa," panemune Sendhor sing krungu Bowo bakal lunga menyang Surabaya kerja ing kantor kejaksaan. "Dadi Jeksa mung nglandrat maling karo begal penggaweyane. Kudu ngadhepi begal, kecu, lan sakpanunggale. Penak yen dadi bojone. Kari methengkrang-methengkreng ben dina isa mangan enak ngombe legi. Ben dina mbeleh pitik kelakon. Bocah gemblung! Cengoh pisan!" Mangkele ora uwis-uwis.
Kertas sing salembar iku diwaca wola-wali. Cathetan mantra olehe menehi Mbah Jiman Pece.
”Sun mateg aji jala sukma. Sun rucat sukmane ... mumbula menyang langit sap pitu. Ketemua dat kang maha suci. Sun puja bisa teka sun puji bisa dadi .Sukamane ... asiha marang insun. Teka asih teka lulut krana kersaning Allah-e Allah.”
"Wacanen sabubare shalat, Jenganten! Trus sing titik titik mau jenenge sing koktuju!" welinge mbah Jiman Pece nalika menehi mantra.
"Ha, Salat?" Sendhor kaget jroning ati. "Apa iku?" Nanging piye maneh. Dheweke kudu weruh apa iku salat. Sasuwene iki durung tau weruh apa sing diarani salat. Ning ora saiki. Isin karo Mbah Jiman. Suk-suk wae tekon Pak Kalim panjak kendhang sing omahe Ngranti kana.
*
Ora ana sing weruh asal-usule Sendhor. Mbok Wiji nemu bocah iku wektu tuku slendhang ing Pasar Sore cedhek stasiun tahun 1966 nalika mentas geger Gestapu. Wektu iku Sendhor kira kira umur limang taun.
Sendhor lagi ngodhal-ngadhul kranjang buwah golek sing durung bosok isih kena dipangan. Rambute gimbal mung klamben dhuwak-dhuwak lan ngethel. Bokmenawa wis sesasi ora salin.
Mbok Wiji kesengsem karo praupane bocah masiya isih cilik. "Bocah iki julung kembang. Najan ora pati ayu nemen suk akeh sing padha gandrung," batine Mbok Wiji nalika semana. Mripate Mbok Wiji pancen titis. "Diwedhaki ukur-ukur karo dileboni susuk sithik wae bakal nekakake dhuwit akeh," pikire ngangen-angen.
Wis lumrah yen wong wadon iku nduwe angen-angen mangkono. Mbok Wiji tledhek uga. Penggaweyan ngragkep dadi gundhik dilakoni puluhan taun. Nganti akire pengin omah-omah. Sukar, wektu iku mentas ditinggal mati bojone. Akire wong loro rabi.
Pepinginane nduwe momongan kudu dilereni. Mbok Wiji nalika isih enom wis dipithet dalane bayi. Ora bakal isa nduweni turun. Mbok Wiji dhewe sing njaluk dipithet dalan bayine. Murih ora mbobot masiya sedina ngrangkep ping pitu lan sesasi ora gothang.
Kawit cilik Sendhor ngetut menyangendi wae Mbok Wiji tanggapan. Kadhang mung lungguh sandhing panjak wektu ditinggal beksan. Ora mokal sabanjure Sendhor apal banget gendhing tayub. Jamong, srampat, godril, sapiturute.
Kawit cilik urip karo Mbok Wiji ora mokal yen Sendhor ora mudheng apa iku salat. Ngertine mung wong dhingklak-dhingkluk ing wayah bedhug lan wayah srengengene ndlusup wae. Lan saiki kudu salat kareben pepenginane dirabi Bowo isa kelaksanan kaya sarat saka Mbah Jiman sadurunge ngrapal mantra.
Wingi takon Pak Kalim panjak kendhang sing omahe Ngranti. Apa sing diwaca nalika salat.
"Wah, basa ngarab, Ndhor," jawabe Pak Kalim. "Tulisane barang Arab. Aku dhewe mung apal thok. Yen mahgrib lek maca ping telu, asar ngisak, bedhug ping papat. Lek subuh ping pindho macane patekah."
"Diapalne angel pa ra, Kang?"
"Lek patekah penak, Ndhor. Paling awakmu tau krungu wayah genduren ngono kae, " jawabe Pak Kalim lugu. "Sing rodok angel iku takiyate, Ndhor."
Sendhor tambah mumet. Kudu ngapalne patekah, takiyat. Malah jarene isih kudu wudu dhisik barang. Wudune kudu dijapani nganggo basa Arab pisan. "Beh, mumet," ngedumele mupus. "Ora dirabi Bowo ritek ra patheken!" (ana candhake)
