Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Nganyarake Gebragan Lawas: Krama Inggil lan Basa Jawa Senen-Kemis ing Sekolahan



Carajawa.id - Dinas Pendidikan (Dindik) Kota Surabaya gawe gebragan kanthi program Revitalisasi Basa Jawa. Salah sijine cak-cakane yakuwi bakal ana aturan: basa Jawa wajib digunakake ing sekolahan saben dina Kemis. 

Aturan mengkono satemene wis tau digawe uga dening Dindik Kota Surabaya dhek taun 2008, kang diarani Java Day, yakuwi kuwajiban nggunakake basa Jawa ing sekolahan saben dina Senen. 

Program Java Day kang dilekasi taun 2008 kuwi nyatane ora bisa sempulur, kepara malah mungkret sairing lumakune wektu, wusana gagar-wigar tanpa dadi. Lha, saiki rule kuwi bakal diuripake maneh ing rerangken program Revitalisasi Basa Jawa.

Kanggo program iki wis digawekake kekancingan amrih Bahasa Jawa dadi mata pelajaran muatan lokal wajib kanggo kabeh tataran sekolahan, saka TK nganti SMP, kanthi Peraturan Walikota Surabaya Nomer 17 Taun 2025.

Gegayutan karo bab iki, carajawa.id methik pratelane Kepala Dispendik Kota Surabaya, Yusuf Masruh, saka suarasurabaya.net mengkene:

”Kami sangat mendukung revitalisasi ini. Bahasa Jawa telah ditetapkan sebagai pelajaran wajib, dan Krama Inggil akan menjadi bagian tak terpisahkan dari modul ajar kami. Ini adalah langkah-langkah konkret untuk membiasakan siswa dan seluruh warga sekolah berkomunikasi dalam Bahasa Jawa, sehingga tidak hanya teori tapi juga praktik,” dhek Senen (7/7/2025).

Kanggo nyengkuyung program Revitalisasi Basa Jawa iki, Dindik Kota Surabaya ngimpun panyengkuyung saka Balai Bahasa Jawa Timur, Universitas Negeri Surabaya (Unesa), Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Jawa, sarta para paraga pinilih saka Kabupaten Sidoarjo, Gresik, dan Surabaya dhewe.

Para pihak iku, isih miturut katrangane Masruh, wis sapatemon lan malah uga wis padha nandhatangani layang kekancingan mikuwati tekad kanggo nyengkuyung program Revitalisasi Basa Jawa. (nab)

Sumbersuarasurabaya.net

Posting Komentar