Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Tledhek Sendhor 9


Dening: Jlitheng Basuni.

Patimah, jenenge Sendhor anyar sawise dirabi Sokeh. Jeneng paringane Gus Atok, gurune Sokeh nalika mondhok. Sendhor iku jeneng lawas. Wektu isih dadi tledhek lan gelem ngrangkep. Patimah, jeneng bojone pangarsane agama kang kinurmatani ing Ngranti. Sendhor sing biyen nyandhang manganggone sarwa mbukak senenge mung nggawe kemben murih dhadhane sing gedhe ketok lengkehane bareng nggawe jeneng  Patimah owah. Manut ombyake para wanita desa Ngranti akeh-akehe. Masiya ora brukut, ning ketara sopan lan prasaja. Sing biyen ana tamu lanang teka saben dina saiki wis ora gelem nampa.

Bandha asile dadi gundhik meh entek. Kanthi diedum-dumake wong cilik sing kecingkrangan, randha-randha tuwa, lan ora kaliwatan bocah-bocah yatim sing ana Gesikan. Mung sisa sawah seprapat bau pinangka pangane Mbok Wiji sing ngopeni kawit umur limang taun tumekane diwasa. Iku penjaluke Sokeh pinangka sarat yen Sendhor bener-bener pengin dirabi. Kudu nglilakake bandha asile dadi gundhik lan gelem diajak urip prasaja kaya bebrayane warga Ngranti.

Sejatine Sendhor dhewe uga wis nduwe niyat. Sakdurunge kawetu sarat saka Sokeh wis ana angen-angen bakal ninggalake bandha donyane pinangka bukti adrenge anggone pengin urip bener. Embuh mengko dadine piye? Waton uripe tumuju bener, bakal dilakoni kanthi sabar lan eklas.

Jebul keturutan temenan. Senajan urip rekasa susah golek pangupa jiwa, ana rasa tentrem lan ayem ing ati. Saben dina kudu menyang sawah ngrewangi sing lanang nandur bako, undhuh lombok, ngocor sawi, unting bayem, kabeh dilakoni kanthi seneng. Ora nggresah masiya jago kluruk pisanan wis tangi nuli menyang Pasar Bangun adol wulu-wetune tandurane sing lanang. Atine krasa luwih tentrem luwih ayem tinimbang biyen wektu isih dadi tledhek. Bener uripe biyen mubra mubru koceh dhuwit, ning atine garing. Nela kaya lemah ketiga. Patimah ngrasa antuk nugraha gedhe bisa dadi bojone Sokeh saikine.

Wingi bengi wingi Modin Gesikan Pak Akemat mara. Patimah weruh sapa Modin Akemat iku. Bapake bocah lanang sing tau dadi gantilaning ati. Bapake Bowo sing saiki ana Surabaya mergawe dadi Jeksa ana kana. Tujuwane mara menyang Ngranti bakal nglamar anake wedok Sokeh kanggo anake sing ana Surabaya.

Ora kaya sagedhagan iki gorehe weruh yen bakal bojone anake kuwalon iku pranyata Bowo. Bocah lanang sing diburu nganti lali subasita. Lila bakal nukokake sawah patang bau kebo sapasang salukune kanggo nuku katresnane bocah iku. Jebul saiki bakal dadi bojone Umi Kulsum, anake kuwalon. Piye anggone nglakoni? Apa ora bakal dadi gunemane tangga mengko? Iku lo, tilas sir-sirane saiki dadi mantune. Apa ora dadi caturane wong sadesa?

Iku durung sepira. Ana sing luwih abot. Yen wis kelakon ijaban, njur Umi Kulsum anake weruh ing antarane bojone lan ibune kuwalon biyen ana sesambungan tresna, kepiriye? Alhamdulillah yen anake kuwalon nrima, yen ora? Apa ora bakal dadi kuciwane?

Yen nganti dadi gelane Umi Kulsum, ateges dheweke gagal netepi janji. Janji sing tau kawetu marang Sokeh sing isine ora bakal gawe kuciwane bocah iku. Yen sabanjure Umi Kulsum ora gelem ngendhangi bapake menyang Ngranti krana wedi Bowo kepilut dheweke maneh, apa Sokeh ora bakal kuciwa?

Pikirane Patimah ngayawara. Satemene durung karuwan bener lan nyata. Bisa uga iku krana wedi ayang-ayang sing durung mesthi kedadeyan temenan. Ewasemono  pirang-pirang dina awake Patimah krasa lemes. Ora doyan mangan. Klebon panganan sitihik wae muntah. Anehe, pengine mung mangan pencit pelem podhang. Masiya kecut bisa mlebu weteng. Liyane iku ora doyan. (ana candhake)


Posting Komentar