Tledhek Sendhor 12
Gambar: AI
Dening: Jlitheng Basuni.
Siji mbaka siji ruwete wis lukar. Sendhor atine lega. Wingi Umi Kulsum wis weruh anggone dheweke mbobot lan babar pisan ora kabotan yen bakal duwe adhik kuwalon. Saiki kari siji sing dadi pikiran. Piye mengko yen dheweke sawuse temenan dadi maratuwane Bowo. Mesthine calon mantune weruh biyen Patimah nalika isih jeneng Sendhor.
Ora mung weruh, kekarone ana sesambungan tresna. Kepara yen dirunut anggone nganti dadi bojone Sokeh isih ana sambung rapete. Kegawa adrenge dirabi bocah iku Sendhor ngupaya nuruti panjaluke Bowo pinangka sarat bisane kelakon jejodhoan. Jebul Sendhor malah katut Sokeh sing biyen dianggep guru sing bisa nggegulang kanggo merdekne apa sejatine urip sing dijaluk Bowo.
Patimah sadhar, mbokmenawa iku garis pepesthening Gusti Kang Maha Kuwasa. Ora prelu digetuni. Nyatane uripe saiki luwih tentrem, luwih ayem tinimbang biyen nalika isih kayungyun marang Bowo. Mobat-mabit anggone mbujung katresnan nganti lila nglakoni apa wae kanggo ngoyak atine. Nganti lila nuruti panjaluke sing sabenere yen dinalar iku mung samudana. Nulak nganggo ukara alus. Sajake Sendhor ora mudheng lan isih wae ngupaya srana bisane kelakon.
Apa sejatine urip, iku dudu arupa barang kasar mata sing bisa digoleki ana ngendi papane. Mung ukara sing tegese uga beda-beda gumantung endhek dhuwure kabisane. Ora ana pathokan maton kanggo ngukur. Ning adhakane kanggo ngukur bisa lan orane wong iku wis weruh sejatine urip akeh-akehe nganggo elmu agama.
Agama lan kapitayane apa wae mesthi ngandhut piwulang luhur sing bisa nuntun marang kabecikan supaya urip ora tuna. Iku sing dikarepake Bowo nalika semana. Ukara alus kanggo nulak pangajake rabi Sendhor. Bowo nalika iku yakin yen tledhek mau ora bakal bisa nggoleki. Mesthi eman uripe sing wis mapan, mubra-mubru koceh bandha.
Ananging jebul garis uripe Sendhor malik. Balik gremyang satus wolungpuluh drajat. Kepi-kepine karo Bowo malah dadi dalan kepethuke karo Sokeh sing saiki dadi bojone. Masiya wis rada tuwa lan kalah bagus, ning tresnane kasunteg marang wong lanang iku saikine. Rasa tresnane marang Bowo wis ilang.
Jeneng Bowo jroning ati katindhes Sokeh. Ora ana rasa getun sethithik wae ora kasil ngepek atine. Krana saiki wis oleh liru wong satimbang. Satraju karo Bowo. Yaiku Sokeh. Apa maneh sedhela bak lair bocah tandha katresnane wong loro. Anak sing bakal nerusake turun. Sing bakal nggereni kuburane yen Sendhor wis mati.
Rasa was sumelange sing kari siji durung wudhar-wudhar. Dina-dina sakwuse mantenane bocah loro Patimah pengin banget bisa jagongan karo Bowo. Ana babagan wigati sing prelu dirembug karo mantune. Patimah bakal njaluk Umi Kalsum ngancani supaya ora ana pitenah. Nanging durung kelakon. Sajake mantune durung ana wektu mirunggan kanggo iku krana mergawene ing Surabaya lan mung seminggu sepisan mulih Ngranti.
Patrape Bowo mrang Patimah yen ngepasi ana omah Ngranti ora ana sing aneh. Lumrah kaya akeh-akehe mantu lanang marang maratuwa wadon. Ora mantra-mantra yen biyen tau nduweni sesambungan. Ya mung lumrahe kaya mantu lan maratuwa wedok. Kepara Bowo katon tawaduk banget. Tawaduke mantu marang maratuwa.
Nanging Patimah isih rumangsa ana sing ngganjel. Kudu age dijlentrehake supaya padhang lan ora ana ewuh pakewuh sajroning kaluwarga. Kareben ora dadi memala sing bisa sawayah-wayah dadi brenyih. Dikayangapa, masiya Bowo blegere apik marang dheweke, ning rasane durung lega yen durung sapejagong sing cetha. Murih Umi Kulsum anake kuwalon ora mrjna yen sawayah-wayah ngaweruhi. Patimah ngira anake durung weruh lan yakin Umi Kulsum durung dicritani bojone.
"Wo," Patimah ngundang mantune, "Jal mrenea karo, Um!" Kabeneran Bowo lagi mulih ana Ngranti.
"Pripun, ta?" sumaure Bowo sumanak, "Ngundangipun kok njangkar?" Ngajak Umi Kalsum nyedhak, "Kula yoga Panjenengan, lo?"
Patimah ketok gupuh. Bocah iki nggodha sajake, batine. Sarwa salah solah bawane.
Weruh ibune maratuwa salah tingkah, Bowo ngajak Umi lungguh jejer sandhing Patimah. "Kula sampun sumerep kok." Durung nganti ditakoni Bowo wis ngomong, "Dhik Umi sampun critani sedaya," kaya weruh wae apa sing arep ditakonake.
Kaya pedhot jantunge Patimah. Pengin rasane mlayu ngalih nglungani bocah loro krana ora pengin krungu omongane Umi Kulsum. Sasat aji godhong aking wae awake ana ngarepe Umi. Sendhor yakin Umi uga dicritani Bowo sapa dheweke biyen. Uga sesambungane karo bojone jaman semana. Anake mesthi bakal mbiji ala. Bakal luntur kurmate iku bocah sedhela maneh.
Jebul rasa walangatine sirna. Ora nyangka Bowo sing njawab. Kepara bocah mau ngongkon Umi bojone nyedhak Patimah. Sawise weruh bojone tangane dikalungake pundhake Patimah, kanthi manteb Bowo ngomong, "Kula bombong sanget. Panjenengan sampun pana sejatining urip samangke." Ujare mripate nyawang Patimah. "Lan Dhik Umi nggih remen sanget."
Patimah kaya wong bisu. Ora bisa ngomong. Kaya ora precaya apa sing mentas dirunggu. Ora ngira yen dadi ganjelan atine bisa wudhar kepenak wae. Rasa was sumelange dadi rasa bombong. Rasa mongkog nduweni mantu Bowo lan anak kuwalon Umi.
"Leres kandhane Kang Bowo wau, Mbok," Umi Kalsum sing isih ngrangkul Patimah melu ngomong. "Kula sampun nyumerapi sedayanipun. Ingkang baku sakniki simboke sampun ngantos gadhah pikiran abot. Ngesakken adhik kula menika," karo ngelus wetenge simboke kuwalon.
Ora krasa luh sing ana mripat ndleweran nelesi pipine. Patimah ora kuwat ngempet tangis. Tangising wong kaladuk seneng antuk kabegjan.
"Oh ya, Mbok" Umi Kalsum nglukari tangane sing ngrangkul. Mripate nyawang praupane Patimah sing mbrabak abang merga nangis. "Kang Bowo nggadhahi bebungah kagem Panjenengan lan Bapak," clemonge Umi karo ngusapi pipine.
"Apa iku hadhiyahe?" Sendhor takon pengin weruh.
"Sanes sampur tedhek kok," Umi nggodha simboke. "Nanging tiket kagem Panjenengan anjenengan lan Bapak. Insaallah wulan ngajeng bidhal sareng Umi ugi Kang Bowo."
"Budhal Transmigrasi apa piye?"
"Sanes."
"Hla, lunga menyang ngendi?"
"Umrah."
"Umrah?" Patimah mlongo, kaya ora percaya apa sing mentas dikrungu. Ora ngira yen bakal bisa umrah. Adoh banget saka angen-angene. Tledhek Sendhor sing biyen kondhang gundhik lan seneng ngeret bandhane wong lanang, arep Umrah. Lunga menyang Mekah lan Medinah.
Dirangkul Umi Kulsum. Diarasi pipine anake kuwalon wola-wali. Tambah deres eluh sing tumetes saka tlapukan mripat. Eluh tandha bungahing ati tanpa upama. Kaya mung lagi ngimpi wae. Dijiwit lengene dhewe banter, krasa lara. Iki tandhane ora mung ngimpi. "Alhamdulillah Ya Allah, sampun Panjenengan paringi kula wekdal damel ngowahi lelakon urip." Pujining Patimah makaping-kaping.
Diusap eluh sing ana pipi. Makbrebet mlayu tumuju sumur. Ngisi banyu padasan kanthi timba senggot. Nuli wudu nuli solat duha.
Sokeh sing weruh polahe Patimah atine bombong. Rumangsa marem yawang bojone saiki. Apa maneh wetenge Patimah sansaya gedhe kegawa kandhutane wis patang wulan. . Sokeh ora ngira yen wong wedok sing dadi bojone iku biyen tledhek Sendhor sing kondhang ayu lan gelem ngrangkep dadi gundhik. (tutug)
