Tledhek Sendhor 8
Sokeh rongeh atine. Sapetemon sing tanpa sengaja ninggalake rasa tan kinira bakal teka maneh. Rasa sing saksuwene iki diwedeni tekane. Ora pengin tresnane marang Ropiah biyen kinaran jeru tapaking meri. Mung ngambang kaya unthuk gumampang ilange. Almarhumah Ropiah wus menehi anak siji. Ora bakal linalekake lan ora pengin nglalekake ibune Umi Kulsum anake wedok. Wis diniyati, uripe bakal kasunteg kanggo bocah sing saiki wis ngancik diwasa iku. Niyat ora bakal nresnani wanita maneh kanggo njaga kawutuhane kaluwarga sing saiki mung batih loro. Ora pengin Umi Kulsum anake kuciwa atine yen nganti teka maneh rasa iku.
Jebul sing banget diwedeni saikine teka temenan. Kanthi sesidheman tanpa diundang. Gawang-gawang wewayangane Sendhor kumlebat ngreridhu. Wola-wali anggone ngupaya nyingkirake, ewasemono gagal. Eseme tledhek sing pait madu tan kena kinusir saka angen-angene. Ngoyak bebentenge ati lanange sing bakuh. Mbujung tan kendhat gawe ringkih adeg-adege.
Begjane isih ana Umi Kulsum. Bocah iku sing isih bisa nggondheli kemrungsunge ati, pepenginan nggladrah anggone bakal nresnani marang wanita saliyane ibune bocah. Sokeh isih ngeman anake wedok. Anane prawan iku benteng sing isih sisa anggone mekak katresnane marang tledhek saka Gesikan. Yen ora ana Umi Kulsum, Sokeh yakin uripe bakal rusak. Bakal nggladrah mbujung katresnane masiya weruh sapa tledhek mau.
Sokeh weruh sapa Sendhor iku. Wong wedok sing ora enak iwake. Tledhek sing gelem ngrangkep gundhik. Tresnane marang wong lanang mung kinukur akehe bandha donya sing diwenehake. Datan nyawang isih legan utawa wis kaluwarga. Waton mara nggawa bandha akeh, bisa ngrasakake angete awak, empuke bokong. Yen tekane nora kanthi bandha tangeh lamun. Sanepane lir cecak nguntal cagak, cebol nggayuh lintang. Tangeh kelakone cepak wurunge.
Sokeh weruh kanthi banget. Wis dudu kabar kabur wae. Kawit saka Ngunut mangulon tumekane Trenggalek, kawit saka Kediri mangidul pantog segara kidul weruh yen tledhek Gesikan iku penggaweyane ngeret, dadi simpenane wong lanang-lanang sugih bandha. Tau dadi simpenane Yuk Bilun juragan bir, Beri jagal sapi, Koh Swi bandar nomer nganti padha bangkrut dioroti bandhane. Ewasemono seminggu kepungkur ngajak rabi dheweke. Apa ora gawe goreh ngene iki?
Sokeh ngira bokmenawa Sendhor mung guyon. Pangajake rabi mung kanggo mbebeda dupeh dheweke wong cilik. Ewasemono gawe bombonge ati uga. Sapa sing ora mongkog atine atase wong cilik tur wis tuwa ditantang rabi Sendhor? Apa maneh jroning ati pancen ana rasa seneng. Panemune sakawit rasa senenge kegawa susuk pengasihan sing dipasang ana awake Sendhor murih wong lanang padha kepincut kepenak dierah bandhane wae. Dudu murni saka atine. Sokeh ora pinigin kegedhen rumangsa. Sadhar yen awake iku dhudha, tuwa, bandha donya uga ora ana. Apa iku ora mbebeda arane, "Mokal banget! Ora nalar," dudutane sawetara.
Durung maneh yen eling anake wedok sing lagi sekolah ana Surabaya. Apa ya bakal nrima yen bapake rabi maneh? Durung maneh yen weruh sing bakal dirabi iku sapa. Sokeh yakin, Umi Kulsum, anake ora bakal nampa yen weruh calon simboke kuwalon iku tledhek. Ora mung tledhek, ning uga gelem ngrangkep dadi gundhik.
Sokeh emoh mengko diwadani anake "Oleh bokong lali dlondong". Bakal bebanger jenenge ana Ngranti. Bebecer kaluwargane sing apik ana desa kono. Emoh, Sokeh ora bakal nampa pangajake rabi. Pilih ndhudha selawase. Manteb dudutan sing bakal dienggo jawaban sawayah-wayah Sendhor nagih.
Sore iku Sendhor mara menyang Ngranti maneh tanpa Mbok Wiji. Mung sedhela, perlune nanjihake anggone ngajak Sokeh rabi. Krana ora kepenak lan sungkan karo Sokeh dijawab, "Takpikire dhisik. Sik arep taren anak," jawabane samudana.
Tledhek Sendhor langsung bali mulih sawise antuk jawaban sing durung gumathok saka Sokeh. Jebul tekade ngajak rabi wis gilig. Seminggu suwene anggone nintingi untung rugine. Dilimbang-limbang, digelar digulung sadurunge njupuk dudutan. Sawise kepethuk saiki wis manteb.
Sendhor pengin ngowahi uripe. Pengin nglereni anggone gawe tunane liyan. Ora pengin bubrah-bubrah kaluwargane wong liya. Ora pengin nglarani wong wadon liya krana sing lanang kipu ana omahe. Ora ana cara liya saliyane iki. Siji-sijine kanthi dirabi Sokeh pepenginane ngowahi uripe bisa kasembadan. Wis ora nggagas niyate byen maneh. Wis ora mikir jeneng Bowo saikine. Anggone pengin dirabi Sokeh mligi krana Sendhor pengin wong lanang mau dadi imame. Imam sing bisa nuntun tumuju dalan padhang lan bener. Katitik Sendhor sabanjure ora gelem nledhek maneh. Mung kala-kala isih ngetutake Ki Dhalang dhalang Bagyo. Nyindhen ana kono. Apa iki dudu tandha anggone pegin dadi bener wis katon?
Weruh owah-owahane Sendhor keri-keri gawe Sokeh kabimbang maneh. Atine mangro. Antarane ya, apa ora, padha abote. Tumekane anak wedok endhang mulih durung bisa aweh jawaban.
"Pak," Umi Kulsum nakoni, "Bapak boten pikiran krama malih, ta?" Sabubare sholat Mahgrib.
Sokeh kaget krungu takone anak wedok. Ora ngira anake takon mangkono. Bingung anggone njawab. Wedi mengko anake kuciwa. "Gek kanggo apa ta, Ndhuk?" suwarane Sareh "Kanggo apa rabi?"
"Mang tingali!" clemonge bocah karo nyekel pundhake, "Bapak samangke boten krimat. Awis ndhahar nggih? Boten wonten sing masak, nggih?" takone mburu. Sedhela nyawang ngisor. "Jogane jarang dipunsapu, Pak," banjur nyawang klambine Sokeh. "Niku benik klambi ... ucul sedaya ngantos mbledheh," gremenge. "Kula boten tega, Pak," nyumelangake bapake. "Boten tega nilar menawi Bapak boten purun rabi malih. Boten ateges Kula boten purun ngrimat Bapak menawi mangke rampung sekolah. Mung damel kabecikanipun Bapak piyambak menika." Ngeciprise Umi Kulsum karo ngecamke kopi.
"Lha, kok ngono?" Sokeh kaya antuk angin. Oleh dalan kanggo taren anake.
"Ngaten, Pak," guneme karo ngrangkul ngalem. "Umi sumerep Bapak taksih enem. Taksih gadhah napsu. Tinimbang maksiyat?"
Sokeh mudheng playune omongane anak. Jroning batin bungah. Ateges ana lampu ijo saka anake. Kena kanggo njupuk dudutan anggone arep aweh jawaban kanggo Sendhor. Ning isih ana ganjelan. Yen Umi Kulsum weruh sing arep dirabi iku Sendhor, apa ya bakal sarujuk?
Weruh bapake ora age sumaur, bocah mau nglukari anggone ngrangkul, "Mang krama malih nggih? Kula langkung remen mangke wonten ingkang ngancani," dipungkasi guyu, "hi hi hi," ngalem.
Sokeh ora ngira anake nduwe panemu kaya ngono. Ngongkon bapake rabi maneh. Dielus rambute, diaras bathuke. Kanthi mangu-mangu. "Yen sing arep dadi ibumu wong ora bener?" Kawetu uga omongane.
"Boten bener pripun?"
"Wong sing uripe nistha," Sokeh wani blaka saiki. Tetimbangane mumpung ana dalan ," Ning ketarane nduwe niyat owah."
"Horeee!" ora dinyana-nyana Umi mbengok karo keplok," Kepara kabeneran niku. Menawi saged ewah, ganjaranipun ageng." Guneme bocah seneng. "Rong sasi malih yoga Panjenengan tamat. Kula pengin Panjenengan sampun gadhah sisihan malih mangke menawi kula ijaban."
"Awakmu apa wis nduwe calon?"
"Kalem kemawon. Larenipun sae kok. Salate tertib, alus, ugi lare Tulungagung ngriki aslinipun."
"Tulungagung dhaerah ngendi?"
"Ra doi, hehehe," Umi nggodha bapake. "Ingkang baken larene sampun cekel gawe. Dados Jeksa." Pamere karo ngrangkul Sokeh ngalem. (ana candhake)
