Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Tledhek Sendhor 7


Dening: Jlitheng Basuni

Ana sing beda ing mripate Sendhor ana awake Sokeh. Pancen wis rada sepuh umure, ning pawongan mau nduweni pangaribawa sing bisa gawe tentreme ati kalamun ta cedhak. Kacihna nuli thukul kakendelane mau ngadhepi begasakan sing seja ngraman. Sokeh teka pas dheweke butuh. Tanpa tidha-tidha aweh pitulungan masiya ora dijaluk. Lila ngudhokake keslametane awak kanggo wong wadon sing durung diwanuhi.

"Panjenengan sinten?" Sokeh mbalik takon, "Badhe tindak pundi?" takon maneh krana Sendhor lan Mbok Wiji ora age sumaur.

Sapandurat praupane Sendhor abang-ireng, isin anggone nyawang kaladuk mau. Lambene kaya kakunci kanggo menga. Weruh anake kacipuhan Mbok Wiji mangsuli,"Kula Wiji ... lan nika," tangane nyuding, "Anak  lkula Sendhor. Saking Gesikan badhe dhateng Wajak."

"O, Sendhor waranggana kondhang niku panjenengan ta, Jeng?" Mripate Sokeh nyawang Sendhor.

Awake krasa adhem-panas. Kringet adhem metu dadakan. Panyawange Sokeh nunjeg kaya sasat ngudani Sendhor. Ora ngira yen Sokeh tepung jeneng Sendhor. Mesthine uga weruh saliyane dadi tledhek dheweke uga ngrangkep gelem dadi gundhik. Meh kabeh wong Gesikan sakupenge ngerti. Ngranti mung keletan Miren saka Gesikan. Mokal yen Sokeh sing omahe Ngranti ora krungu kabeh iku. Ning Sendhor wong sing wis tuwuk jroning jagad ireng. Kanggo luwar saka isine dalane gampang. Apa maneh mung ngadhepi wong tuwa lugu kaya Sokeh. "Kondhang eleke ya, Kang Sokeh?" tangane njawil wong lanang.

Sing dijawil endha. Awake dimundurake sethithik, "Ah .... Ndika niku kok nganten, ta," karo mesem nuli mbacutake ngomong, "Ala becik niku pun gandhengane."  Sokeh mbombong Sendhor ben ora pijer wae ngrasa dadi wong elek.

Sendhor tambah kesengsem krungu omongane Sokeh. Kacihna praupane bali sumringah ora abang ireng maneh.

"Mangga pinarak gubug kula," tawane Sokeh, "Jeng Sendhor ketawisipun sayah "

Pancen awake Sendhor kesel banget rasane. Mentas panca bakah klawan begal loro. Tangane tengen krasa linu bokmenawa kesleo. Ora ana eleke leren sawetara ana  Ngranti omahe Sokeh, panemune. Katone Sokeh wong becik. Mengko yen wis kesele suda bali wae menyang Gesikan. Ora sida mbacutake menyang Wajak. Tanpa njaluk pasarujukan Mbok Wiji, "Menawi pareng kula badhe ngaso sekedhap," jawabe.

Katelune nuli tumuju omahe Sokeh kanggo leren sawetara wektu.

Tekan omahe Sokeh Sendhor lan Mbok Wiji ora dipinarakake njero omah. Mung dikongkon lungguh lincak saka dongklak sing ana emperan omah. "Kula niki dhudha, Mbakyu," pawadane Sokeh, "Mboten kepenak nampi tamu putri menawi salebete  griya piyambakan. Dados pitenah mangke. Kersaa  panjenengan mangertosi." Blaka suta Sokeh anggone alesan. "Mangga pinarak wonten lincak emper kemawon!" manggakake tamune, "Kula mendhet  toya wonten lebet rumiyin." Nuli mlebu ngomah njupuk kendhi isi banyu.

Wong loro kaget. Ora jamak tamu ora dipinarakake ana njero omah. Sakdurunge Sendhor lan Mbok Wiji durung tau weruh ana wong didhayohi mung dijagongi ana emper. Apa maneh jare wedi dadi pitenah alesane. Tembung apa maneh iki. Pitenah Kuwi sing piye? Sendhor ora mudheng, apa maneh Mbok Wiji.

Sokehnnawani ngombe sawuse metu nggawa kendhi. Gulune Sendhor ngorong krasa ngelak kawit mau. Semono uga Mbok Wiji. Kekarone gentenan ngombe.

"Namung piyambakan, Jeng. .Anak wedok taksih sekolah wonten Surabaya," jawabe Sokeh wektu Sendhor takon ana ngendi kaluwargane, "Ibune Sendhuk sampun sowan ngrumiyini tigang taun kepengker,"  blakane. "Mung kantun nglampahi kemawon garising Gusti Allah."

Ana rasa adhem jroning ati krungu omongane Sokeh. Omongane sing prasaja, ora neka-neka gawe atine Sendhor saya kapilut. Kepengin sinau luwih akeh marang wong lanang setengah tuwa iku. Bokmenawa cocog dadi guru. Sasuwene iki dheweke lagi golek guru sing bisa njaewakake werdine apa sejatining urip. Kanggo sarat bisane Bowo nampa dadi bojone. Lan iki bokmenawa wong sing bisa diguroni, batine.

Sapejagong dina iku tambah gayeng. Kaya adate Sokeh sing pancen guru ngaji ora kabotan mangsuli pitakonane Sendhor babagan magepokan kawruh agama. Iku pancen kuwajibane pinangka santri lulusan pondhok. Ora ateges pengin mulang wuruk lan pamer kapinteran. Mligi kanggo wong sing pengin weruh lan gelem takon kaya Sendhor ngono iku. Lamun ora ana sing njaluk weruh, Sokeh uga ora bakal lanyo-lanyo mundhak dikira keminter.

Ora kanyana-nyana Sendhor gelem takon babagan agama. Mbok Wiji ketara banget ora senenge marang anake. Kawatir yen Sendhor bakal owah mengko yen terus takon. Bisa-bisa ora gelem maneh dadi gundhik. Bisa uga leren anggone dadi tledhek. Kawatir bakal kasatan sumbere dhuwit.

Sansaya suwe anggone jejagongan Sendhor wiwit kabukak atine. Masiya diselani guyon, ning Sokeh pinter anggone mejang. Ora ngelek-elek apa maneh nglarani ati. Kabeh lumebu ati tanpa ana rasa sengit lan serik. Tanpa sadhar tledhek mau mbenerake omongane Sokeh. Luwih-luwih kaya ana daya anyar lan pengarep-arep nalika wong lanang setengah tuwa mau ngandhani dheweke.

Apa maneh nalika Sokeh kandha.

"Ora ana kasepe yen pengin ngrubah urip.

Gusti iku Maha Welas Asih. Waton ana niyat  temenan." Ukara iku sing gawe Sendhor kaya urip maneh. Rumangsa uripe sing saiki jebul tuna anane. Mung ngegungake bandha donya  masiya saka ngendi anggone golek. (ana candhake)


 


Posting Komentar