Tledhek Sendhor 11
Gambar: AI
Dening Jlitheng Basuni
Umi Kulsum weruh kabeh kedadeyan iku. Seja sesingidan mau tekane saka Surabaya. Karepe bakal aweh kaget marang wong tuwane loro yen dina iki dheweke teka. Emane, kanthi ora seja malah weruh wong tuwane loro sing lagi gandrung lan ora migatekake anake sing teka.
"Lumrah," Umi Kulsum sadhar, "Wong pancen isih normal," ngono pikirane sing tanpa sengaja weruh bapak lan ibune kuwalon andon katresnan.
Jroning batin kepara bungah. Bapake saiki ketara tata maneh uripe. Awake wiwit mrintis maneh. Praehane uga bali sumringah kaya biyen. Ibune kwalon ketarane uga temen-temen anggone niyat omah-omah. Jogan omah, latar, pawon, sing sadurunge njembrung saiki resik. Blekthegan pawon uga tumata rijig. Barang saka beling kaya piring, cingkir, muk, lan sabangsane tharik-tharik ditata ana amben kusus wadhah grabah. Umi yakin, ibune kwalon sing nandangi.
Satemene Umi wis weruh. Bowo calon bojone wis crita. Ibune kuwalon iku biyen tledhek sing gelem grangkeb gundhik.
Nalika Umi crita marang Bowo yen sedhela maneh bapake arep rabi karo wo Gesikan jenenge Sendhor, calon bojone keto kaget. Tanpa dijaluk Bowo banjur crita walaka marang Umi. Nyritakake sapa iku Sendhor, lan sesambungan katresnane biyen.
Nanggepi critane, Umi ora kaget lan ora tekon rena-rena marang calon bojone. "Iku mung lelakon biyen." Alesane ,"Manungsa bisa owah sawayah-wayah. Sing penting saiki lalekna sing uwis!"
Bowo nyaguhi, "Iya. Aku mung arep jejodgoan mung karo awakmu. Bakal setya tuhu tumekaning pati."
*.
Lho, kapan teka, Ndhu?" Patimah sing metu saka kamar kaget weruh anake kwalon wis lungguh ana kursi tamu. Kaget campur isin dikonangi lagi wong loro karo bapake bocah.
Kawit kalawau kok," jawabe Umi karo tangane nutupi lambe sing ngguyu weruh simboke kuwalon rambute modhal-madhul.
"Kok ya ora celuk celuk."
"Umi boten pengin ngganggu Simbok kaliyan Bapak," nerusake nggudha ibune kuwalon.
"Wis dadi kok, Um." Keprungu suwara saka njero kamar. Suwarane Sokeh sing nyaut weruh anake wedok teka.
"Estu ta, Mbok?" Umi nyawang Patimah.
Patimah, "Jane isin arep ngomong," mangu mangu, Ya wis takblaka yen ngono. Wong umurmu iku meh padha karo iku." Akire dibrolne saiki. "Piye maneh," wiwit wani turteh, Wis rong sasi aku telat wulanan. Sakjane pengin iki mengko dadi kuciwamu. Penginku awakmu karo bapakmu iku rukun terus. Aku kawatir. Kawatir anane adhikmu," tangane ngelus wetenge, "Malah dadi rukune ilang," mandeng Umi Kulsum.
"Horeee!" Umi ora sranta mbengok marem, "Umi arep nduwe adhik." Ginjal-ginjal.
Patimah atine cuwa, Umi kulsum dikira ngejak guyon.
Weruh simboke kuwalon kangelan, Umi nuli nyedhaki. Lungguh sandhuwure kursi njalin mepet. "Boten kok, Mbok," tangane ngelus wetenge Patimah, "Boten wonten sabab Umi badhe kuciwa. Agami kula nglarang ngaten niku. Kepara bungah sanget badhe gadhah rayi.
Panjenengan sumerep napa boten?" Nyawang praupane Patimah sing isih durung precaya, "Riyin ingkang ngengken bapak semah malih niku kula."
"Bener iku?"
"Estu," manteb saurane Umi, "Supados boten kaseret maksiyat." Saiki tangane bocah ngelus lengene Patimah, "Ugi samesthinipun tiyang emah-emah kagungan putra," tangane balik ngelus wetenge, "Kula remen... Umi bungah sanget badhe dados mbakyu!" ngambung wetenge simboke kuwalon. "Suk aja nakal ya, Dhik! Awas lek nakal. Takjewer tenan!" Kaya-kaya ngandhani adhine sing isih ana weteng. "Umi janji. Boten badhe supe Bapak, Simbok, ugi adhik mangke!" Banjur nyawang praupane ibune kuwalon, "Mang pitados janjinipun yoga niki senaosa namung yoga kuwalon!" Banjur ngrangkul gulune.
Patimah tan kuwawa mbendhung eluh sing kawit mau kembeng ana mripate.
Dirangkul anake kuwalon, "Dhuh Gusti .... Matur nuwun," sebute sukur. Tan bisa mbacutake omongan kegawa saking bungahe dadi perangane kaluwargane Sokeh. Kasunteg tangis bacute
"Ehem .... Ehem" Sokeh dhehem weruh Patimah nangis. "Ayo diteruske! Kupinge durung dadi!" jarage marang Patimah.
Jenggirat Patimah ngusapi eluh. Bali mlebu kamar njupuk bantal. Balik metu karo bantal digebug-gegake Sokeh.
Sokeh sing kelaran mlayu menyang pawon. Patimah isih nguber nututi sing lanang. Sakloron gebug-gebugan bantal ana pawon.
Mesem bungah Umi Kalsum weruh polahe wong tuwane loro. Marem weruh bapake katon seneng bisa ngrasakake urip maneh. Jroning ati niyat ora pengin weruh lelakone simboke kuwalon nalika isih jeneng Sendhor biyen. (ana candhake)
