Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Tledhek Sendhor 10

Gambar: AI

Dening: Jlitheng Basuni

Ora ana kasekten sing madhani pepesthen. Awit pepesthen-E Gusti Allah ora ana sing bisa murungake. Cocog banget klawan lelakone Patimah saiki. Biyen nalika isih jeneng Sendhor tau digawa menyang dhukun bayi supaya dipithet dalane. Ancase ora bakal bisa mbobot masiya sedina ngladeni wong lanang makaping-kaping. Tetiru Mbok Wiji biyen wektu isih enom sing uga dadi tledhek sing gelem ngrangkeb. 

Moncer-moncere dadi tledhek rangkep Mbok Wiji kuwat kaping lima dikumpuli wong lanang lan sesasi ora gothang. Nyatane ora ana sing dadi anak. Kanthi ora samar yen bakal mbobot ateges bandha donya sing teka bisa lumintu ndlidir. Sendhor dikrenah kaya dheweke. Sakakeh-akehe bisa ngasilake dhuwit ora mikir turun. Seja digawe gabug kareben ora ana dina tanpa dhuwit teka. 

Tanpa taren Sendhor luwih dhisik, Mbok Wiji anggone tumindak. Diwarah kanggo kesarasane awak, diurut kanthi disengkakake wetenge, gorohe Mbok Wiji nalika semana. Kelakon temenan. Kacihna sasuwene dadi tledhe rangkeb, Sendhor ora mbobot.

Nanging sawise jenenge dadi  Patimah lan dadi bojone Sokeh, lagi rong wulan wetenge wi isi. Isi calon ponang jabang bayi wohe katresnan karo Sokeh.

Sakawit Patimah ora ngira yen ngandhut. Dikira mung  krana abot mikir wae. Anggone was sumelang mengkone yen kudu adhep-adhepan karo Bowo yen wis kalaksanan dadi mantune. Ning nyatane jroning rong sasi keri tamune ora teka. Adhakane teka tanggal tengahan, dienteni ora teka.

Weruh bojone isi, atine Sokeh bungah banget. Ateges bakal kuwat anggone bebrayan anane anak pinangka taline sih katresnan. Bakal ana sing kena kanggo alesan anggone tetep nyawiji menawa ana kalane padu cilik-cilik. Pangiket sing tambah ngraketake kaluwarga. Tanpa nduweni turun, luwih ringkih tali katresnane marang bojo. Kena prahara sethithik wae gampang gogreh. Seje yen wis ana anak pinangka woh katresnane wong loro. Kudu nglimbang makaping-kaping saupama pengin pisah kranan geman anak, panemune.

Masiya padha, ning ana sing beda kanggone Patimah. Ora arep kicat saka kasunyatan. Nyatane atine uga bungah kaya sing lanang duwe momongan. Wis suwe anggone kepi-kepi duwe anak sing bakal nerusake turun. Ewadene rasa bungahe isih kalah karo was sumelange. Saya ngambrawa pikirane. Nggramyang sing ora-ora. Anane mung wedi. Kaweden kepiriye mengko uripe yen bocah sing dikandhut mau metu. "Apa iya Umi Kulsum isa nrima adhike? Apa ora malah dadi alesane anak kuwalone ngedoh saka bapake?"

Patimah kakunjara janjine. Kadhung janji marang Sokeh ora bakal nguciwakake sing lanang anake kuwalon. Sabenere jroning ati wis niyat. Bakal tulus nresnani anake kwalon lan sing lanang krana pepenginane dadi wong bener. Ewasemono isih ana rasa was-was. Emoh kinaran mban cindhe mban ciladan. Ora bisa aweh katresnan sing padha marang Umi Kulsum lan adhine mengko yen wis metu. Patimah ora pengin Umi Kulsum rumangsa dikiwakake krana adhine.

*


Dina temune manten wis disarujuki ana sasi Besar. Sangsaya cedhek dina mantenan Patimah tambah rongeh. Babagan butuh ora gawe masalah. Panenane Sokeh mbako taun iki apik. Pas sing ditandur jinis sidhi. Kabeneran bakul godhong mbako sing digoleki jinis iku masiya regane rada larang. Bokmenawa rejekine Sokeh sing arep mantu. Tambah gorehe Patimah isih tetep. Mikir mengko kepriye balewismane sawise anake kuwalon rabi lan jabang bayi sing ana weteng lair. Isih iku wae sing dadi pikiran. Yen wus ngono, adhakane awake lemes ora kuwat ngglawat.

Begjane Patimah duwe bojo wong lanang pangerten kaya Sokeh. Durung nganti crita apa sing dadi pikirane sing lanang wis mudheng. "Wong iku sakderma nglkoni. Kabeh ginaris Gusti Allah," Sokeh nyedhaki Patimah weruh yen lagi goreh pikirane sing wedok.

Patimah sing lagi nggodhog banyu kanggo ngecam kopi sumaur, "Iya, Kang. Saiki aku paham." Tangane ngesokake banyu menyang cingkir sing wis ana gula bubuke, "Apa wae kehanane awake bakal taktampa." Ngudheg kopi nuli dieler ana lepek, "Yuk diombe!" kongkone marang sing lanang.

"Bojoku saiki malih pinter sajake," aleme Sokeh setengah nggodha

"Sapa gurune?" walese Patimah ngalem.

Wong loro banjur muni bareng, "Sookeeeh." Kasusul gumuyu cilik, "Kik kik kik."

Wedang ora sida diombe. Sokeh nggeret tangane Patimah diglandhang tumuju papan paturon.

Patimah ethok-ethok emoh, "Yek, awan-awan ki, lo," guneme madani sing lanang, "Wong edan! Emoh aku... Emoh!" Ning suwarane lirih, ngalem. Anehe masiya ngomong emoh, nyatane manut wae nalika digeret mlebu kamar. (ana candhake)


Posting Komentar