Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Tledhek Sendhor 6

Gambar: AI

Dening: Jlitheng Basuni

Bowo iku putrane Modin Akemat Desa Gesikan. Anak ontang-anting kebanting prangkat desa, pemuka agama sing digadhang-gadhang bisa njunjung dhuwur drajade wong tuwa mengkone. Bisa mikul dhuwur mendhem jeru asamane wong tuwa. Kawit SD wis kondhang bocah pinter. 

Pak Akemat anake mung siji. Masiya mung modin, Pak Akemat penggayuhane dhuwur. Bisa nyekolahake Bowo nganti pantog. Pinangka modin antuk bengkok lemah sawah sebau jembare. Emane ora kena diupakara temahe ora tau panen. Desa Gesikan mono dhaerah rawa sing mung mangsa ketiga wae kena ditanduri. Ngono wae kadhang panen kadhang ora. Yen rendheng isine mung banyu nylerap sapendeleng komplag-komplag.

Kanggo ragad sekolah anake, Pak Akemat nyambi ngingu bebek. Asile endhog digawe ragad sekolahe anak.

Sawuse lulus SMPP, satataran karo SMA, Bowo nerusake pasinaone menyang Universitas Negri Jember njupuk Jurusan Hukum. Arang kadhing bocah sing nerusake sekolah jaman iku. Kena dietung nganggo driji sing nganti amat SMA. Bokmenawa ing Kecamatan Pakel ora genep sepuluh. Apa maneh sing nerusake kuliyah. Bokmenawa mung Bowo wae sakecamatan.

Murih cukupe Modin Akemat lila yen wayah sore turut rawa golek pakan bebek arupa kul, murih ingon-ingone bebek ngendhog ajeg. Yen ketiga golek ula kadut krana kewan kul padha ndlelep. Tumpukan enceng gondhok sing wis bosok adate kanggo omah kewan nlolor nggegigali iku. Dipaculi ulane padha metu. Ula dicekel diwadhahi kepis kaya wong lagi golek iwak tanpa rasa jijik utawa wedi. 

Makaping- kaping tangane kecakot, ning wis kulina. Weruh yen ula kadut mono ora nduwe upas. Tekan omah ula-ula dening sing wadon dicacah nggawe wedhung tanpa rasa jijik. Sawise lembut dicampurake katul utawa karag kanggo pakan bebek. Kanthi cara mangkono ngirit pakan tur ngendhoge apik. Bebek telungatus bisa metu rongatus sangangpuluh. Saben dina ana bakul saka Boyolangu sing mara menyang Gesikan njupuk endhog sing sabanjure disetorake menyang Jepun didadekake endhog asin.

Wektu isih  SMA, Bowo pancen nduweni rasa seneng karo Sendhor. Uga weruh  yen Sendhor iku iku tledhek sing penggaweyane ngancani mbeksa para tamu ana kesenian tayub. Ananging durung weruh yen Sendhor gelem ngrangkep dadi gundhik. Tresnane jaka cilik merga kapilut nyawang prawan ayu, gemuh, nyengsemake mripat. Jebul tresnane ora keplok tangan siji. Sendhor uga nduwe rasa seneng. Bocah loro nuli prasetya ing janji yen mbesuk bakal urip bebarengan ambangun balewisma yen kekarone wis diwasa.

Anaging janji mung kandheg ana pangucap. Wektu Bowo kuliyah ana Jember lan arang endhang mulih, buyar. Sasuwene kuliyah Bowo mung sepisan mulih wektu mbah wedoke tinggal donya. Rong dina ana Gesikan, balik. Mulih-mulih lulus. Modin Akemat sing njaluk supaya anake ora asring wae mulih krana weruh sesambungane anake klawan Sendhor. Merga kondhang yen saiki Sendhor saliyane dadi tledhek uga gelem ngrangkep.

Wektu ditinggal Bowo kuliyah, Sendhor karimuk Beri, juragan jagal sapi Ngunut. Karo Mbok Wijil prawane Sendhor diedol sakregane kebo sepasang. Saking pintere wong wedok tuwa iku uga sing bisa ndadekake Sendhor prawan lugu bisa dadi tledhek sing mung ndelok akehe dhuwit kanggo ukuran tresna. Jeneng Bowo ilang ana atine. Janji prasetya dianggep wis ora ana. Lambene Mbok Wiji kaya wisa mandi sing gawe Sendhor kleleb kadonyan.

Telung taun gelem ngrangkep, bandhane Sendhor mubra-mubru koceh dhuwit  Saka Beri Sapi bandha sing paling akeh nganti juragan jagal mau kukut usahane kanggo norogi Sendhor. Entek bebek entek meri akire Beri kendhat krana dikereg utang.

Krana rumangsa Sendhor wis ora kaya biyen maneh, Bowo kicat. Tresnane saikine wiwit luntur. Rumangsa Sendhor wis cidra ing janji kanthi gelem karo wong lanang sapa wae. Bowo ora rumangsa luput. Masiya isih ana rasa  tresna, nanging bocah mau wis bisa nintingi. Digelar digulung kanthi njlimet. Dijupuk dudutan, kudu ninggalake Sendhor masiya rasa tresna isih ana.

"Kapan lehmu budhal?" takone Sendhor wektu krungu Bowo antuk surat panggilan saka Kantor Kejaksaan Surabaya.

"Sesuk," jawabe Bowo cekak ora patiya greget.

"Sing ngeterke sapa menyang Talapan?"

"Embuh."

Takterne ya? tawane Sendhor, "Karo nganyari prahu kayu nangka!" Sendhor pamer praune.

Saka Gesikan yen arep menyang Terminal Tulungagung kudu numpak prau gethek dhisik menyang Talapan. Kudu ngliwati rawa , ana dalan sing kena diliwati sikil. Tekan Talapan nuli numpak janggolan PC tumuju terminal.

"Kono apa lodhang? Apa ora nledhek?"  Bowo ganti malah tekon.

"Sesuk longgar. Wulan Selo sepi tanggapan."

"Apa ora ana wong calang?"

Sentheot, Sendhor ketok ora senenge. Dheweke mudheng apa sing ditakonake Bowo  wong calang. "Orak," nadhane nyrandu. "Aku wis wegyah!" sengit anggone ngomong. "Dhuwitku wes akeh. Ngge tuku sawah patang bau karo kebo sepasang saklukune, entheng. Jik turah." Pamere karo mandeng Bowo. Durung cukup apa piye bandha samono ngge sangu urip karo aku? Nyapa dadak awakmu lunga kerja barang?"

"Aku lunga ora golek bandha."

"Golek apa?"

"Golek bojo."

Sendhor mangkel. Kupinge krasa panas krungu saurane Bowo sing keri. "Apa aku kurang ayu?"

"Awakmu pancen ayu, Ndhor," guneme Bowo mbela awak, "Takakoni awakmu pancen ayu," balik nyawang Sendhor, "Ning sing ayu mung njabene thok. Njerone durung mambu wedhak pupur blas. Ijik korengen."

Sendhor ora nyangka Bowo ngomong ngono. Awake adhem panas rumangsa diina. Praene dumadakan abang ireng mungur-mungur.

"Ngertenana ya, Ndhor. Wong jejodhoan iku mungguhku ora mung golek ayune wae. Kudu ana tetimbangane maneh. Bibit, bobot, uga bebet. Ayu laire durung mesthi ayu atine. Kanggo apa nduwe bojo ayu yen ora ngerti apa sejatining urip?" jlentrehe Bowo dawa. Dipungkasi, " Bokmenawa Awakmu iku pinesthi jodhoku bisa uga bakal kelaksanan." Bowo menehi sethithik pengarep-arep.

Tresnane marang Bowo wis kadhung jeru tekan mbelung. Rumangsa isih ana pengarep-arep Sendhor bungah atine masiya abot sarate. Kaya sing uwis-uwis. Sarate Sendhor kudu ngerti apa sejatine urip dhisik. Yen wis kepethuk ora kabotan bocah iku diajak rabi. "Gampang mengko digoleki karo mlaku," batine ngenthengake. Kegawa rasa bungahe seja nglimpe arep ngaras pipine Bowo.

Ora kaya iki mangkele tledhek, jebul Bowo sing dilimpe weruh. Endha karo muni, "Durung kalal. Ora kena!" mlayu mlebu omah ninggalake Sendhor.

Gagar ngambung pipi sadalan-dalan nalika mulih njuntrut wae, "Gembagus timen!" grundele alok marang tumanggape Bowo. (ana candhake)


 

Posting Komentar