Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Tledhek Sendhor 3

 






Dening: Jlitheng Basuni

Gulu rasane kaya ditekeg. Angel kanggo ambegan. Weteng kaya dijojohi linggis. Sendhor jerit-jerit nggeblag lali purwa-duksina. Suwasana dadi geger gawe bingunge kanca-kanca. Ora tau-taune kedadeyan ngono iku. Adate, Sendhor mung sambat mriyang  yen kesel. Diuntali Aspirin ora let suwe waras maneh. Nanging, wengi iku kok kaya ora sebaene.

Sawetara iki sing ana Sripit tlatah ereng-erenge Gunung Sepikul. Nyi Mendring lagi nyekel golekan wit alang-alang dibungkus mori. Tangane sing wis kisut nyublesi weteng golekan nganggo dom. Gulune ditekeg sawise lambene umik-umik ngrapal mantra. Saben Nyi Mendring nyubles weteng lan nekeg gulu golekan, Sendhor sing ana Kendalbulur  sambatkelaran.

Kabeneran dinane pas malem Selasa Kliwon. Dina pupak pusere, pengapesane Sendhor. Patang dina sakwuse kelairan Setu Pahing. Ing dina pengapesan yen di kirim barang alus mlebune gampang.

Mokal banget yen dinalar kanthi lumrah. Ananging pancen cara ngene wis ana kawit jaman biyen. Santhet, tenung, teluh, lan elmu ireng sapanunggalane wis ana kawit jamane mbah-mbah biyen. Malah miturut sejarah jaman nabi-nabi uga wis ana.

”Piye, Le, diteruske apa uwis?” Nyi Mendring nari Benu sing nyawang dheweke mulasara golekan.

Liryahe pancen ketok bungah, nanging bocah sing ditari mau sejatine nduwe rasa  wedi uga. Mau sakdurunge gilirane teka, krungu caturane Nyi Mendring klawan pawongan Mojo Kediri. Pawongan lanang setengah tuwa sing nunggal karep njaluk Nyi Mendring gawe patine mungsuh. Cetha wela-wela anggone caturan wong loro.

Karo Nyi Mendring wong mau ditututuri anggone niyat gawe patine mungsuh. ”Sik ya, Ki Sanak,” tuture Nyi Mendring keprungu Benu kanthi jelas. ”Wis kokpikir tenanan anggonmu pingin ngilangi dulurmu lanang? Mngko getun mburi?” Jebul sing arep dipateni isih kaprenah dulur lanang.

Sajake wis gilig niyate. Bokmenawa lara atine  jeru banget. ”Sampun, Nyi. Sampun kula pikir saestu. Lara ati niki sampun boten saged ditambani menawi dereng sumerep kakang Kula piyambak pejah,” manteb sumaure pawongan iku.

”Iki resikone gedhe lo, Ki Sanak! Anak putumu mengko sing kudu nanggung. Aku mung nyranani wae. Kudu kowe saanak putumu sing dadi pitukone,” Sepisan maneh Nyi Mendring nuturi wong iku, ”Sik pikiren!”

Jroning ati, Benu ngundamana krungu dhukun mau tutur-tutur. Kudune Nyi Mendring dhewe sadhar sadurunge ngomong.

Sejatine dhukun santhet mau uga mudheng yen bakal kena welak mengkone. Ning kepriye maneh. Mung iku siji-sijine penggaweyan sing ngasilake dhuwit. Mripate balwur, lakune wis ora jejeg. Kabisane ya mung iku. Bisane nempur kanggo mangan ya kanthi nuruti kekarepane sing njaluk tulung masiya kudu ancik-ancik sengsarane liyan. Ewadene sakdurunge ngleksanani panjaluke sing ngongkon, Nyi Mendring mesthi nuturi supaya dipikir-pikir dhisik kanthi wening. Aneh ta?

Ana kene sakora orane dheweke wis aweh pepeling sadurunge marang sing njaluk tulung. Mengko danggep apa ora? Dudu urusane.

Urusane Nyi Mendring nuruti penjaluke Yeng wis manteb tenan, antuk dhuwit kena kanggo butuhane sabendina.

Ora pisan pindho Nyi Mendring antuk walesan arupa balikan santhet sing dikirim. Ora gawe kapoke. Kahanane awak sing meh wuta lan kudu ngopeni anak siji sing isih sekolah,l -masiya mung  anak pupon- sing meksa penggaweyan iku tetep dilakoni.

”Apa ngene wae,” keprungu dhukun wadon mau menehi pilihan, ”Ora usah sing nggawe golekan kayu. Sing alang-alang wae,” nari  pawongan Kediri iku. Ana sing mbedakake antarane golekan kayu lan alang alang. Yen medhiyane golekan kayu luwih ganas krana tujuwane kanggo gawe raja pati. Yen ancase mung gawe wirang apa nglarani wae  ora nganti mati sing digawe medhiya  golekan wit alang-alang.

Bokmenawa lara atine wis tekan balung. Katitik wong lanang umur sekeetan kurang sithik mau nuli nyritakake kepriye dheweke anggone ngonangi polahe kakange dhewe neng  senthong ngeloni bojone wektu ditinggal menyang sawah. Dikinangi mripate dhewe. Jam sanga awan pawongan mau sengaja mulih saka sawah sakperlu dingkik krana  cubriya bojone nduwe simpenan wong lanang liya. Wektu tekan ngomah keprungu wong loro cekikikan njero senthong tengah. ”Jebul kakangku piyambak!” getem-getem anggone mungkasi crita. ”Pun, Nyi. Panjenengan boten usah ajrih. Kula tanggele piyambak mangke. Masalah prabeyane pinten? Kula sagah.” Ngontog-ontog anggone micara, ”Niki kula mbeta yatra satus ewu. Arta anggen kula adol sapi brenggala kalih.”  Banter ngomonge ketara yen nesu merga dituturi Nyi Mendring. Benu krungu kabeh caturane kanthi jelas.

Benu ora wani nyalahake yen wong Mojo Kediri mau nekad nganti semono. Wis sakmesthine kudune kakange yen kudu dipateni. Iku padha karo ngilani dhadha arane. Kepara yen perlu sakbojone pisan kudu mati. Direwangi golek pangan jungkir-walik meres kringet, jebul nengomah enak-enak sedheng karo wong liya. 

”Bangsat tenan,” pisuhe Benu embuh katut mangkel. ”Sedumuk bathuk senyari bumi, kudu dibelani ditohi pati. Aja pisan-pisan wani ngrusak pager ayu wani ndumuk bathuke bojo, nyawa bakal diudhokake. Iku padha ngilani dhadha!” guneme Benu mbenerake wong Lanang sing nekad ngongkon ngilangi nyawane kakange.

Bocah Gandhong mau banjur sadhar. Tujuwane mrono nunggal-misah karo wong iku. Pokoke padha, ning akeh bedane. Ora kaya salahe kakange wong mau sing wis ngrusak pager ayu. Salahe Sendhor mung nulak Benu sing pengin ngejak turu. Sendhor pancen gundhik. Kudune gundhik ora bakal nulak dijak turu krana Benu ya nggawa dhuwit sewidak ewu sing  bejajine padha wedhus berok papat.

Sing ndadekne lara atine iku sepele. Mung sesuk kudu digremeng bapake krana wedhuse diedol. Ana siji maneh. Mesthi bakal diisin-isin kanca-kancane angon krana anggone ngumbar suwara bakal turu karo Sendhor pranyata ora bisa kaleksanan. Ya mung iku. Sepele banget. ”Apa sumbut resikone yen pengin males lara ati diwirangke gundhik ae nganti tega gawe patine? pitakone sajeroning ati. Dijawab Benu dhewe, ”Ora sumbut blas!”

Benu weruh wektu pawongan Kediri metu saka kamare Nyi Mendring. Ketok age-age mulih. Dhuwt satus ewu diwenehke Nyi Mendring. Nyandhak sepedhah pancal nuli nggethirit lunga saka Sripit. Benu bisa ngira-ira. Rong jam wis tekan omahe Mojo Kediri. Tekan omah cruk, ngepasi jasade kakangane dijamasi durung nganti dikubur. Mesthi marem weruh bojone nangis gero-gero. Sapi brenggala loro mung dilirokake iku. Durung welake. Saanak putune sing nanggung. 

Ora krasa githoke Benu mrinding. Pengine mq Sendhor sing entheng wae. Ora wani yen kudu nanggung welake mbesuk. Mulane nalika Nyi Mendring tekon sing endi? ”Ingkang golekan wit alang-alang kemawon,” wangsulane Benu manteb.

*

Ana kidung rumeksa ing wengi

teguh hayu luputa ing lara

luputa bilahi kabeh

jim setan datan purun

paneluhan tan ana wani

miwah panggawe ala

gunaning wong luput

geni atemahan tirta

maling adoh tan ana ngarah ing mami

guna duduk pan sirna


Kidung rumeksa ing wengi anggitane Sunan Kalijaga wola-wali ditembangake Mbah Jiman Pece, panjak suling kumpulan karawitan. Masiya kabeh wong  ngundang nganggo Jiman Pece, sing tegese Jiman wuta, panjak suling iku  ora kabotan. Pancen Mbah Jiman iku wuta kawit lair. 

Seje karo panjak liyane, Mbah Jiman iku anduweni keluwihan. Kaluwihane nduwe pangrasa alus lan tansah sumendhe ana ngarsaning Gusti. Apa wae dilakoni kanthi ati seneng lan ihlas. Saliyane nyuling Mbah Jiman Pece uga wasis  ngrebab.

Ana pakumpulan krawitan kono kadhapuk piranti loro iku. Ora ana sing wani sembrana karo dheweke. Kondhang nduweni ngelmu tuwa. Ewadene Mbah Jiman ora gelem pamer kabisane.

Kabeh weruh, najan ora weruh padhange dunya Mbah Jiman Pece, bojone ayu banget. Mokal yen mung wong lumrah Murtini gelem dirabi. Apa maneh Mbah Jiman Pece saliyane wuta uga wis tuwa. Karemane tetulung sapa wae waton tetulung barang becik. 

Mbah Jiman bakal nulak mentah yen dijaluki tulung kanggo nyengsarakke liyan. Masiya bisa, ning ora bakal gelem. Yen njaluk tamba anake sing lagi lara panas, sawanen, utawa bocah cilik sing nangis ora meneng meneng krana diridhu lelembut, kanthi seneng anggone tumandang. Ngono wae emoh yen diopahi. Adate njur padha nggawa gula utawa beras kanggo rasa matur nuwun wis ditulung. Ora akeh, mung saeklase. ”Mung kanggo nulung,” jawabe saben-saben ditakoni anggone niyat golek elmu biyen.

Embuh apa merga kidung apa piye? Nyatane Sendhor eling saka semapute.

”Ayo wacanen, paseduluranmu, Ndhuk!” prentahe Mbah Jiman karo nggrayahi praupane Sendhor.

Awake Sendhor ketara isih lemes.

”Ayo, Ndhuk!” sepisan maneh Mbah Jiman Pece ngongkon.

”Kun, dzat kang urip. Utekg dunungna si kodrat. Nur kencana putih .Rupamu madha rupa marang ingsun. Theg putih kempel putih. Apa gomyor-gomyor kaya banyu. Dudu banyu. Pucuking pelor dadia banyu. Dudu banyu,” kawetu saka lambene Sendhor mantra paseduluran nganti rampung kaya sing diwarahne Mbah Jiman Pece.

Saya suwe larane ora krasa maneh. Wengi iku anggone gladhen karawitan isih sore wis leren. Kasigeg Sendhor kenekan barang ora genah. (ana candhake)


Posting Komentar