Tledhek Sendhor 2
Dening: Jlitheng Basuni
Benu wis tekan Gesikan. Ora pethuk Sendhor. Sing nemoni malah Mbok Wiji, wong wadon sing ngopeni Sendhor kawit cilik.
”Kene-kene, Cah bagus ... mlebu kene!” Mbok Wiji mapag Benu sing lagi wae tekan ngarep omah. ”Kae, Sendhor lagi lodhang, ora ana tanggapan. Maklum, mangsa rendheng tur wulan Sela. Ora ana wong nduwe gawe,” kaya adate sumanak anggone mapag tamune.
Mbok Wiji wis apal banget. Yen ana tamu lanang merdhayoh, tujuwane mung siji: butuh turu karo bocah sing ditemu ing stasiun sepur selikur taun kepungkur kuwi. Apa maneh, weruh tamune bocah lanang kaya Benu ngono kuwi. Didelok saka pawakane sing ora patiya bagus, malah kena kinaran elek, yen tujuwane dudu iku tangeh lamun.
Mesthine Benu nggawa dhuwit akeh. Embuh anggone ngenthit dhuwite sapa, Mbok Wiji ora nggagas. Kang baku, Sendhor sing anak pupone bakal antuk bayaran ijole angete awak. Ngopeni bocah-bocah wadon sing gelem dadi gundhik iku penggaweyane kawit mula. Mbok Wiji biyen uga dadi gundhik dhek isih enom. Saiki wis leren amarga keterak umur, wis tuwa, wis ora payu.
”Sendhor teng pundi, Mbok?” tanpa tedheng aling-aling Benu takon.
”Kae, wonge lagi macak neng kamar,” Mbok Wiji goroh.
Mbok Wiji kapeksa goroh. Sakbenere Sendhor pancen ana kamar, ning ora lagi macak. Lagi turu mengkurep nangis sesenggukan. Mentas wae mau nemoni Bowo sing lagi wae teka mulih saka Jember. Atine lagi runtik. Kogel krana Bowo wis ora kaya biyen. Owahe akeh. Bowo saiki ora kaya Bowo sing ditepungi sadurunge kuliyah ana Jember. Bocah iku saiki wacanane buku gedhe sing aksarane aneh. Tulisane kaya carakan, nanging gandheng-gandheng. Embuh aksara apa, Sendhor ora mudheng.
Biyen sadurunge menyang Jember rambute gondrong dikuncit. Saiki wis salin rupa, dicukur cendhek. Malah isih ditutup kupluk ireng wangun wajik. Menyang ngendia wae parane, dheweke ora rucat kupluk iku. Sing digumuni, Bowo embuh nyapa konangan dhingklak-dhingkluk yen wayah srengenge manjer, utawa bubar surup? Sendhor ora mudheng. Yen diajak omong ora sumanak maneh kaya biyen. Sajak ora nggape, ora ngepon, lan tansah nylimur golek alesan. Kaya wingi contone. Wektu diajak rabi lan bakal ditukokke sawah patang bau lan kebo sepasang saklukune, kok malah nulak. ”Apa ora bocah edan arane?” guneme Sendhor ana kamar dhewe.
Sakdurunge Bowo kuliyah bocah loro pancen ana sesambungane tali asmara. Malah sekarone tau janji prasetya bakal urip bebarengan. Kawit mula Bowo uga weruh yen Sendhor iku tledhek. Ning, durung weruh yen gelem ngrangkeb dadi gundhik. Mulane, nalika wingi diajak rabi, ora gelem. Lagi saiki bocah lanang mau weruh. Jebul saliyane dadi tledhek, Sendhor uga ngrangkep dadi gundhik.
”Saiki awakmu dudu duwekku, Ndhor, duweke wong akeh,” jawabe Bowo nulak.
”Trus, Aku kudu piye? Aku wis kadhung tresna ngene iki?”
”Yen awakmu tresna temenan,” Bowo ora mentala. Masiya kepriye wae, isih ana rasa tresnane marang tledhek mau. ”Aku janji .... Gelem rabi karo kowe, ning ana sarate.”
”Apa?”
”Sarate lek awakmu wis isa nggoleki apa ta sejatine urip iku? ” Bowo banjur lunga ninggalke Sendhor sing isih bingung. Satemene iku sarat mung samudana. Ora mentala ditenggel anggone nulak. Kanthi menehi sarat iku padha karo nulak alus.
Sendhor lemes krungu sarate bisa dirabi Bowo. Apa iku? Dheweke ora mudheng. Sejatine urip iku apa? Sendhor ora pana babar-pisan. Sirahe sanalika mumet. Krasa puyeng nuli bali mulih, teka omah mlebu kamar ora gelem metu.
Lagi iki Sendhor rumangsa disepeleke. Sakdurunge durung ana wong lanang sing wani nolak katresnane. Kepara akeh sing padha ngemis katresnane. Wani kelangan bandha donya sauger Sendhor gelem diajak turu sewengi apa rong bengi.
”Wong lanang pekok! Wong lanang cengoh!” udarasane saking mangkele. ”Arep dipenake awake, ditukokne sawah patang bahu, kebo sepasang saklukune kok ora gelem!” uring-uringe ana njero kamar.
”Gayane nulak diajak mlebu kamar, malah nuturi ora penak dirungokne kuping! ” Sendhor ngedumel dhewe.
”Wis klebon dhemit ngendi cah kuwi sakjane? Daya ngganthenga bocahe! Wis ireng, gedhi, kusi pisan,” grundele ngala-ala Bowo.
”Lek ora kadhung tresna, Aku ya ra sudik torog nganti sakmono akehe,” isih wae muring muring dhewe.
”Ndhuk, Cah ayu? ” keprungu saka njaba kamar, ”Tangia, Ndhuk! ” Mbok Wiji nothogi lawang. ”Iki ana tamu cah bagus saka Gandhong. ”
Sendhor ethok-ethok ora krungu. Pikirane isih jibeg. Dithothoki lawange wola-wali ora disauri.
Merga isin karo Benu tamune, Mbok Wiji banjur nyedhaki bocah iku, ”Bocah bagus. Sabaaar, ya. Iku lo, Sendhor sik mbegot. Wingi weruh bojone Tukirin nggawe kalung anyar, kok melik, ” Mbok Wiji mateg aji apus krama.
Benu sing ora ngerti digorohi, ”Ngono, ya? Omongana, sesuk taktukokke! Aku saiki mek nggawa dhuwit sewidak ewu, ” glelenge karo pamer dhuwit byor sewidak ewu.
Dhasar Mbok Wiji wong pengalaman banget. Weruh dhuwit sakmono akehe lan cukup kanggo tuku kalung emas sakrante sepur gedhene mripate dadi biru. ”Yen ngono ngene wae, Cah Bagus, dhuwite wenehna aku, takdudohne Sendhor, takkandhanane yen awakmu saguh nukokke kalung sing luwih gedhe saka kalunge bojone Tukirin kae, piye? ”
Benu percaya omongane Mbok Wiji. Dhuwit sewidak ewu diwenehake. Mbok Wiji banjur bali menyang kamare Sendhor sing isih nangis sesenggukan nalika lawang kamare didhodhog maneh.
”Ndhuk!, Iki lo. Benu arep nukokke kowe kalung emas gedhe. Gek ndang budhal kono! Paling mung sedhela. ”
Sendhor sing lagi kogel krana rumangsa diremehke dening Bowo anggone sumaur sakkapenake. ”Wegiyaaah, Maak! ” banter, nganti keprungu Benu.
”Paling wonge uelek Ireng, gudhigen, barange gripis. Kon golek kebo wedok apa wedus kana! Ra sudik aku dikeloni! ”
Benu sing krungu lara ati. Rumangsa disepeleke tledhek sing kudune ora oleh ngomong kaya ngono mau marang tamune. Dheweke nggawa dhuwit akeh. Ora mung seripis utawa rong ripis. Sewidak ewu ajine wedhus berok papat. Benu lara banget atine. Durung lega yen durung bisa males. Siji-sijine dalan yaiku njaluk tulung Nyi Mendring, dhukun santhet sing kondhang ampuh.* (ana candhake)
