Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Sekar Kinanthi: Gathutkaca Gandrung


Karipta dening: Mei Efendi


1

Suryeng ratri dhuh mbok gunung 

Wreksa langking sisa geni 

Yen lega sun keparengna

Ngawulani dhuh wong kuning

Kembang gedhang wastanira

Wus patut jejer wak mami

2

Wohing kamal dhuh mbok gunung 

Pasar alit pinggir margi

Wasana nglelingsem raga

Yen ta wurung amondhongi

Peksi reng mangsa kunarpa

Sun gadhang dadiya krami

3

Uler kambang dhuh mbok gunung 

Kawi ireng saumpami

Satitahe lampahira

Krana tresna mung sawiji

Kasut kayu wastanira

Parane usada yekti

4

Puspa kresna dhuh mbok gunung

Jangkrik gunung saupami

Dasihira dhuh sang retna

Tan gumingsir ing sahari

Ancur kaca dhuh bandara

Kang dadi rasaning ati

5

Tambang kumba dhuh mbok gunung 

Petis manis saupami

Pangiketing gung kang tresna

Dudu ucap manis yekti

Gelang alit wastanira

Nyata tenger ali-ali


Blitar, 07 Juli 2025


Mei Efendi lair ing Blitar, 28 April 1994, kajaba penggurit dheweke uga dhalang lan pengrawit. Fendi nggabung ing Paguyuban Damar Sasaji (Dalang Muda Blitar Sayuk Sawiji) uga aktif ing komunitas Suara Sastra lan Swara Sastra Jawa.


Posting Komentar