Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Nalika Aku Tekan Pesisir

 


Geguritane Bonari Nabonenar


Cendhela


saka bolongan

tatu ing atiku katon

lintanglintang kumrelip

ing langit bening

ana manuk iber

mencok soroting wengi

njut aku gawe pigura

kanggo bolongan ing atiku


26 Februari 1990


Lakon


aku pandhita mudha mertapa neng guwa garba

kakang kawah adhi ariari ayo budhal ngulandara

njajah wana napak tilase sang prabu rama

ngupadi jatining tresna


yen njur kesasar neng metropolitan

dikrubut sewu sarpakenaka ngajak jojing

sawise lan sadurunge meksa aku ngombe sewu gelas anggur

lan sewu gelas wiski

njur luntur kapandhitanku

aku isih aku apa

aku dadi aku

dadi

apa


aku satriya mudha tapa sadawaning marga

banyu angin bumi geni aku pengin

mecah ombaking samodra napak tilase sang bratasena

ngupadi jatining tirta


yen njur kesasar katut ilining prahara ngebaki samodra

dikrubut sewu rasa tidhatidha ngajak bali nglare

sawise lan sadurunge meksa aku ngombe

ngentekake banyune samodra kang ora bakal entek 

nganti kapan wae

nganti ilang satriyaku

aku isih aku apa

aku dadi aku:

sudra saking sikudhendhaning jawata


0609-1987


Prau


prau  layar kang anggliyak ing ombak lumembak

iki prauku lan praumu kakang


layare ginelar saambane rasa kangen

lan pengkuh saking sisete tali katresnan


yen aku miris nyawang ombak mawalikan

mbokajak aku dolanan lintang-lintang


iki prauku lan praumu kakang

ginelak sindhungriwute angin panguripan


Panakawan, No 031/01 – 15 Okt 1991


Kaki Tuwa


persis sapinggire sepi

takprangguli kaki tuwa kang tekene wis katut wungkuk

nyawang adoh

nyawang papan jumedhule srengenge esuk


angin lan srengenge wis ngrusak sakalir

kaki tuwa kebandhang ing lungkrah

lungkrahe dhewe

kedawan-dawan sumendhe rasa sumarah


bubrah sawernane rupa

bubrah sakehing rasa

mung kari pait

kari jingga temangsang ing candhikala


ing telenge sepi

sepine dhewe

kaki tuwa nyawang adoh

sambi ngematake tintrim

embuh

karo sapa dheweke semayan


Surabaya, 1994

Surabaya Post, Minggu, 18 Desember 1994

Nalika Aku Tekan Pesisir


aku wis tekan pesisir

ombak lumembak nyrangap sewu mata tumbak

nyawang aku

sing maune nglangut kaya banjur dadi cumepak

mung gurit saya mbebeda anggit

aku butuh sapupuh wae

aku pengin kaya wong wong nemokake

ing kene

mung aku mung wenang nyawang

sakeplasan sembarang mampir sadurunge kabuncang

*

1992


Cathetan: guritan-guritan iki wis nate kapacak ing:  Tabloid Panakawan, Minggon Jaya Baya, Surabaya Post Minggu, lan ing Gurit Panglipur Wuyung.


Posting Komentar