Ukuran Font Artikel
Small
Medium
Large

Calon Resi

     Ing kantor wis ora ana lowongan. Foto: Pixabay

Crita Cekake Bonari Nabonenar

Angin midid. Lon-lonan gegodhong an kumlawe; embuh pancen ana sing diawe, apa malah mung katut angin. Tintrim. Mendhung sing embuh wiwit pirang dina tansah brukut ngemuli srengenge, ngemuli rembulan, lan lintang-lintang, malah mbangetake swasana tintrim. Tintrim banget.

Ing pinggir alas ing pinggir desa ing pinggir kutha cilik, ana pawongan, pideksa, methekel sila sadhuwure watu padhas njenggeleg sagajah meteng. Ora lagi tapa, jalaran saiki wis dudu jamane wong tapa kanthi methekel sila sandhuwure padhas gilang, kejaba yen wong-wong kurang pakaryan sing banjur luru angka becik turut papan singlu ngana kae kena diarani: tapa. Mangka pawongan pideksa sing kacaritakake iki uga ora bisa dilebokake golongane wong-wong kaya ngono kuwi; senajan ing bab ’kurang pakaryan’ dheweke pancen: iya!

Bambang Sulaksana. Kuwi jenenge. Saiki, ing dhuwur watu padhas gilang, ya jeneng kuwi sing lagi nggubet pikirane. 

”Bambang Sulaksana, Bambang Kumbayana...” Nyebut jenenge dhewe sajroning batin, njut pikirane kelingan sa wijining tokoh ing crita pedhalangan sing jenenge uga banjur disebut sajroning ba tin: Bambang Kumbayana. 

Lelakone pancen mirip karo sing kudu disandang dening tokoh wayang sing banjur dadi pandhita ing Sokalima, peparab Bambang Kumbayana, ya Resi Drona kae. 

Ing sawijining wektu dhek jaman tarunane, Bambang Kumbayana mrelokake nyambangi kancane sing wis madeg dadi ratu ing negara Pancala. Lan, embuh merga kurang trapsila lan kemongalen tembung-tembunge embuh kepriye, dening Drupada, kancane sing wis dadi ratu kuwi, malah Bambang Kumbayana kapatrapan paukuman; diajar cara kewan nganti sengkleh bahune, ringsek irunge, lan dadi ora pakra saranduning awake. Bambang Kumbayana ilang ngganthenge, bali saka Pancala sangu cacat kanggo selawase.

Bambang Sulaksana, tokoh ing crita iki, uga mentas diprawasa dening kancane; presise: tilas kancane. Bedane karo Bambang Kumbayana, Bambang Sulaksana sing diprawasa batine. Dudu bahune sing sengkleh, dudu irunge sing dadi ringsek, nanging atine.

Nalika krungu kabar yen kanca sapawiyatane kasil dadi direktur sawijining perusahaan misuwur, lan malah wis ngedegake pirang-pirang perusahaan cilik, Bambang (dicekak ngono wae) bungah banget, ora mung merga sing kasil kuwi kancane; nanging kanthi mengkono dheweke banjur duwe pengarep-arep bisaa nempil kamukten. Mulane, dheweke banjur mrelokake sambang, idhep-idhep luru lowongn. Ngelingi biyene, dhek isih ing pawiyatan, dheweke kerep disambati Sang Direktur, mesthine pangarep-arepe ora keladuk ngayawara.

”Eman, ah, wektu iki lagi ora ana lowongan sing cocog kanggo awakmu.”

Babarpisan Bambang ora kaget nampani ukara sing surasane wis banget diakrapi kuwi; senajan mlesat adoh saka pangarep-arepe, senajan ukara kuwi diucapake dening Sang Direktur sing dhek isih ing pawiyatan kerep ngaruara ing sandhinge, njaluk ditulungi. Lan, embuh mung kanggo abang-abang lambe apa piye, yen dheweke isih bisa nganyang; sawijining bab sing sasuwene iki ya lagi kuwi ditindakake.

”Tenan,” kandhane, ”aku butuh pakaryan. Embuh kuwi pas karo ijasahku apa ora, waton aku bisa nindakake kanthi becik, aku gelem. Aku wegah dadi kemladheyan sing mencok ing sapa wae. Yen bisa aja nganti aku iki mangan lan ngombe lan nyandhang lan sapiturute, samubarang sing ora metu saka kringetku dhewe.”

”Mbbaaangng Mbang! aja kaya ngono!” kandhane Sang Direktur sambi mamerake guyune sing kebak wadi, ”kuwi wis teges ngina almamater!”

Saiki Bambang lagi kaget. Wis tekan gulu ukara sing bakal diucapake kanggo mangsal komentare Sang Direktur, nalika dheweke sadhar yen sidane kalah dhisik.

”Ya wis ta, ngene wae,” kandhane Sang Direktur, ngemu kawibawan sing sajak dipeksa tibane, ”awakmu bisa manggon ing kene (karepe: ing omahe Sang Direktur sing gedhong magrong-magrong, kinupeng taman lan kebak isi eden-eden), sawatara, sambi ngenteni yen sawektu-wektu ana lowongan. 

”Neng kene wae. Perkara mangan, aja dipikirake. Ing kene awakmu ora dadi kemladheyan. Kabecikanmu dhek nalika semana ora bakal sinauran, nganggo apa wae. Iki kabeh mung sapletik pitulunganku marang awakmu, yen dibandhingake karo pitulunganmu marang aku dhek nalika semana.”

Nyatane, kabecikan sing ditawakake si kanca, ya Sang Direktur kuwi, malah mengkeretake tekade Bambang (tekad uwal saka pangkone wong tuwa). ”Kanthi mangkono aku malah luwih ngina alma mater!” Ngono kandhane batine. Nanging, sing kawetu saka lambene malah mung tembung-tembung sing nuduhake yen dheweke kudu enggal ninggalake papan sing keladuk kepenak, ning sing ora ngepenakake kuwi.

Cilakane, kuwi kabeh wis klebu ing petungane si kanca, ya Sang Direktur! Sang Direktur dadi seneng atine, kaya senenge wong sing wis kasil ngluwari nadare. Wiwit suwe dheweke nandur pangigit-igit marang Bambang; malah karana Bambang kuwi wonge keladuk becik. Selawase ing pawiyatan, Bambang mujudake siji-sijine kanca sing bisa lan gelem dijaluki pitulungan; nanging meh kena dikandhakake babarpisan ora gelem lan merga saka kuwi ora nate ditulungi. Beda karo kanca-kanca liyane, Bambang ora butuh muncul, ora butuh dadi ster. Embuh apa sing dibutuhake, nanging nyatane Bambang malah dadi ster, paling muncul ing antarane kanca- kancane. Bambang ora nate nyujanani sapa wae, kancane sing mara njaluk pitulungane, pinangka wong sing bakal njongkeng lan nyalip posisine. Malah, upama lumrah, kalungguhane pinangka ster kuwi ditawak-tawakake.

Sang Direktur kuwi wiwit biyen paling gething karo wong modhel kaya Bambang kuwi. Cilakane, dheweke ora nate bisa uwal saka pitulungane wong saka jinis sing paling digething.

Satemene, nalika Bambang lagi teka lan nelakake sedyane, Sang Direktur kober etung-etung. Sesigar atine pengin nglancarake pamales sinamudana ing pitulungan. Kanthi nampa Bambang dheweke nganggit bakal bisa nindakake apa wae sawise wong saka jinis sing paling digething kuwi mapan ing dlamakane.

”Ah, ora!” Ngono kandhane atine sing sesigar maneh. ”Aku kudu bisa mbuktekake, yen kapinterane sing dinggreng-nggrengake dhek semana bisa uga ora bisa apa-apa. Lan maneh, upama daktampa panglamare, ora wurung jroning wektu sedhela wae, dheweke bisa-bisa malah njongkeng kalungguhanku. Wong kaya dheweke kuwi duwe bakat dadi ster. Diamput!”

Njut dicepakake sekanthong dhuwit, bakal kanggo nyangoni Bambang. Sang Direktur yakin yen ing bab iki, Bambang ora bakal bisa apa-apa. Bambang, miturut keyakinane Sang Direktur, mesthi wis ora duwe kekuwatan kanggo nampik. Sang Direktur, wis kumudu-kudu nyekseni Bambang sing wis dudu Bambang maneh. Wis dudu Bambang Sulaksana, sing nate dadi kanca sapawiyatane. 

Satemene ing pandelenge Sang Direktur, nalika ngandhakake sedyane kepingin melu megawe, Bambang wis dadi wong liya sing durung nate dikenal. Nanging, kanggone Sang Direktur, adegan nalika Bambang kudu nampani sangu pawewehe, bakal mujudake adegan klimaks saka sawijining sandiwara sing banget nengsemake.

”Aku ora mbutuhake kuwi!” Kandhane Bambang ngagetake. ”Aku pengin nyambutgawe, lan ing kene ora ana lowongan. Lan eling-elingen; kowe wis menehake marang kancamu, aku, sawijining bab sing banget luwih aji tinimbang sekanthong dhuwit kuwi.”

”?????”

”Saiki aku wis yakin. Kowe isih panggah cilik ati. Wedi yen dakendhih, ta? Ha… ha… aja kaget. Aja wedi. Aku ora bakal kandha sapa-sapa, senajan aku ngreti. Kowe bakal tentrem ing kalungguhanmu, mung merga kowe wis dimitosake. Wis, karia slamet, wong cebol kesandhung gunung!” 

”Mmmhh kowe arep menyang endi!”

”He he. Kowe isih panggah kancaku sing paling goblog. Ya, mesthi wae ndang minggat saka swargamu iki!” 

”Lha, iya. Nyang endi!”

”Yen ora saking goblogmu, mesthi kowe ngreti!”

**

Cathetan: Crita iki nate kapacak ing Djaka Lodang


1 komentar
Batal
Comment Author Avatar
Sangar!